Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/256

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ADEGAN V
ISUK-ISUK KIRA-KIRA JAM SEPULUH, ING KUA UWIS ANA PIRANG-PIRANG UWONG SING TEKO. DINA IKI DINA NIKAE SINTA LAN BAGUS. PARA TAMU LUNGGUH ING KURSI SING DITATA RENTHET-RENTHET ING PINGGIR-PINGGIR TEMBOK LAN ING TENGAH-TENGAH PANGGONAN ANA MEJO LAN PATANG KURSI DINGGO PAPAN IJAB.
059. Pak Atmo : Assalamualaikum (kabeh uwong ning masjid) Waalaikum salam
060. Bagus : Ayu tenan calon bojoku (ndeleng Sinta)
061. Pak Lurah : Pancen ayu si Sinta kae, sapa meneh sing milihke, Bapakmu hahaha
062. Bagus : Inggih Pak, maturnuwun
063. Pak Penghulu : Baiklah, sang mempelai pria dan wanita sudah hadir, marilah kita laksanakan ijab qobulnya
064. Pak Lurah : Nggih-nggih mangga Pak Penghulu
065. Pak Atmo : Sinta, kene-kene lungguh ing kene (disandingke bagus)
066. Sinta : Nggih Pak, (lungguh)
067. Pak Penghulu : Sudah siap?
068. Bagus : Siap Pak (ngulungke tangane)
069. Pak Penghulu : (ngulungke tangane, salaman karo bagus ) Saya nikahkan Bagus Prasetyo bin Kurowo dengan Fitri Sintawati binti Atmojo dengan mas kawin uang tunai sebesar lima ratus ribu dibayar tunai
070. Bagus : Saya terima nikahnya Fitri Sintawati binti Atmojo dengan mas kawin uang tunai sebesar lima ratus ribu dibayar tunai
071. Pak Penghulu : Bagaimana saksi, sah?

ADEGAN VI
072. Satriyo : (mbengok ing lawang ruangan) Tidaaak saah
073. Sinta : Kang Mas…

074. Satriyo : Dek Sinta… apa iki Dik, tegel-tegele kowe ngapusi aku

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

235