Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/248

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

036. PAK KULI : Astaghfirullah… (karo ngelus-elus dada). Cah enom.. Aku kuwi manungsa coba demoken aku (karo nyekel tanganne Paijo).
037. PAIJO : (ndemok tanganne Pak Kuli) nggih-nggih menika panjenengan manungsa. Ndul, manungsa iki… haha.. (karo ngos-ngosan).
038. PAK KULI : Kowe ngapa mrene, le? Eneng apa?
039. PAIJO : (bingung) Kula mriki kalian kanca kula, Pak wau. Lha menika kula kok naming piyambak, menapa bapak ngertos kanca kula (karo tingak-tinguk goleki Pindul).
040. PAK KULI : Walah.. aku mau ya ngerti kancamu nanging bare padha bubar dhewe-dhewe mau, aku banjur ora ngerti kancamu, Le.
041. PAIJO : Walah.. nggih mangga, Pak. Nyuwun tulung..nggih. Kula menikabingung, mboten ngertos desa mriki (karo ndemok batuk saking bingunge).
042. PAK KULI : Ya.. kowe goleki kiwa omah. Aku goleki tengen omah. Ngono ya?
043. PAIJO : Nggih, Pak.

ADEGAN V
PAIJO LAN PAK KULI PADHA BUBAR GOLEKI PINDUL NENG KIWA LAN SAK TENGENNE OMAH KUWI. ING KUBURAN SEBELAH KIWA NE OMAH PAK KULI, PINDUL DITEMOKAKE PINGSAN NENG KUBURAN KUWI. KUBURANE KUWI DADI ORA RUPA PADHA OBRAK-ABRIKAN AMARGA KESANDUNG PINDUL SAKDURUNGE SEMAPUT
045. PAK KULI : (kaget) Astaghfirullah.., anak ku (kuburan anake). Pai…jo… (karo njerit).!!
046. PAIJO : (kesusu) Nggih.., Menapa kanca kula sampun ditemokaken, Pak?
047. PAK KULI : Lha kuwi kancamu.., (karo nduding neng arah kuburan sing ditabrak Pindul kuwi mau).

048. PAIJO : (bingung) Ya.. ampun., Pindul (karo nggugah-nggugah Pindul). Ndul, tangi kuwi mau dudu memedi nanging manungsa..

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

227