Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/247

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

025. PAIJO : Ora apik pokok men (karo tingak-tinguk ndelok sak ubengan omah). Wo..iyo Ndul, cepetcepet drijimu sing kok enggo nduding mau dicokot menkowe ora kena apa-apa.

026. PINDUL : (kaget lan ndredeg) Apa iyo, Jo (lansung nyokot driji ne). Sedilit ta, Jo? Aku wedi.

027. PAIJO : Ho..o.. uwis diculke. Wes ora papa ra sah wedi. Jan, kowe ki duwe rasa wedi ta?? Hahaha...

028. PINDUL : Ora sah ngece yoan kowe ki, Jo. Aku ki ya isih manungsa duwe rasa wedi (karo ngeculke drijine sing dicokot mau). Neng kok omahe kene ki sepi ya, Jo. Jan, nyenyet. Gawe merinding wae..

029. PAIJO : (bingung) Aku yo ora ngerti. Di dodok wae omahe, Ndul.

030. PINDUL : Ya.. (karo ndredeg wedi).

ADEGAN IV

SAKDURUNGE PINDUL DODOK OMAH KUWI TEKA WONG TUWA NGANGGO KLAMBI PUTIH SING DUWE OMAH KUWI BAR METU SAKA NYEKAR NENG MAKAM TENGENNE OMAH KUWI. BANJUR ARUH-ARUH

031. PAK KULI : Assalamuailaikum? (bungkuk awake)

032. PAIJO LAN PINDUL : (kaget) Wa’alaikum salam... putih...putih... Waaaaa... (madhep mburi banjur padha jerit sak kenceng-kencenge lan padha mlayu ora genah neng sak ubengan omah kuwi).

033. PAK KULI : (bingung) uwis-uwis aja padha jerat-jerit. Aku mung manungsa dudu setan. Kowe padha mrene ana apa, cah enom?

034. PAIJO : Waaa... lungo-lungo aku ora arep ketemu kowe.. Waa (karo jerit sak kenceng-kencenge lan mlayu-mlayu ora genah).

035. PINDUL : (nabrak lan ngidak kuburan).. Bruukk...Waaa... (pingsan).

226

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~