096. AGUNGGELAR: Ora kok!ora waton ngomong
097. ABIROSA: Kenyataane kados niku jew Pak!
098. AGUNGGELAR: Aku rak wis ngomong nek protes karo FAFI lewat CUS
099. ABIROSA: Nggih kula cobi kuwi kudune tugase bapak dudu aku
100. AGUNGGELAR: Lha kok tugasku piye kuwi, tugasmu sing nduwe LPI kowe, ya kowe, wis aku arep bukak kongres!
ADEGAN III
AGUNGGELAR, SULEMUKADAR, ISEPBETTER ING RUANG PATEMON KONGGRES
101. ISEPBETTER : Niki sampun saged diwiwiti?
102. AGUNGGELAR : Niki Indonesia Pak!
103. ISEPBETTER : Iya aku ngerti kaplan diwiwiti?
104. AGUNGGELAR : Hah angklungipun di maling Malaysia Pak, lho lha kok ngertos pak.
105. ISEPBETTER : Kesuwen gek diwiwiti?
106. AGUNGGELAR : Hah sampun suwe pak le di maling Malaysia
107. SULEMUKADAR : Ngawur makde kuwi gek diwiwiti, dudu angklung di maling Malaysia
108. ISEPBETTER : Nah kuwi maksud ku
109. AGUNGGELAR : Oh ajeng dahar riyen?
110. SULEMUKADAR : Wis aja da gojek, gek diwiwiti wis jam 8 cuy!!!
111. AGUNGGELAR : Sampun saged diwiwiti nggih pak?
112. ISEPBETTER : Sampun
113. AGUNGGELAR : Kula sampun di sampluk pak, la wau abirosa ngejak padu je Pak!
114. SULEMUKADAR : Kesuwen! Ora sah aneh-aneh gek di bukak kongres PSSI cepet
115. AGUNGGELAR : Sampun saged nggih pak?
116. ISEPBETTER : Nggih!
117. SULEMUKADAR : Pak Isepbetter, la kok Teorge kalih Erafin mboten lolos niku kengeng napa
118. ISEPBETTER : Ora jumbuh karo syarate
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
173