Kaca iki wis divalidasi
| 119. SULEMUKADAR : | Lha kan Erafin Liganipun sampun di akoni kalih Komite normalisasi Pak! |
| 120. ISEPBETTER : | Nanging durung mlebu sistem isih, di akui liga tarkam |
| 121. SULEMUKADAR : | Weh wong dana nipun mandiri kok liga tarkam Liga jejeripun nika sing tarkam |
| 122. ISEPBETTER : | Lah ming ngakoni thok tha, tapi durung mlebu sistem PSSI |
| 123. SULEMUKADAR : | Ya makane Erafin di loloske! |
| 124. ISEPBETTER : | Lha wong ora pas karo syarate |
| 125. SULEMUKADAR : | Ora sesuai kepriye wong jelas-jelas dheweke sing gagas liga profesional kok |
| 126. ISEPBETTER : | Lha nanging durung mlebu sistem |
| 127. SULEMUKADAR : | Kawit mau sistam-sistem wae sound sistem po piye kuwi |
| 128. ISEPBETTER : | Ya pokokmen ora lolos |
| 129. SULEMUKADAR : | Lolos! |
| 130. ISEPBETTER : | Ora! |
| 131. SULEMUKADAR : | Lha Teorge ngapa ora lolos, liga tarkam
meneh ora ta? |
| 132. ISEPBETTER: | Isih dadi Pangdam ora entuk! |
| 133. SULEMUKADAR : | Ya entuk wong wis arep pensiun kok! |
| 134. ISEPBETTER: | Ya ora kudune saiki wong bates wektune malah wingi kok! |
| 135. SULEMUKADAR : | Nangingkan nek pas dadi ketua wis pensiun kudune oleh, sakpenake dhewe |
| 136. ISEPBETTER : | Halah iki peraturan, udu sakpenake dhewe, kowe kuwi sing sakpenake dhewe, wis gek dimalai |
| 137. SULEMUKADAR : | Lha wegah, lha wong alesanmu ora jelas |
| 138. ISEPBETTER : | Wis gek dimali agunggelar |
| 139. SULEMUKADAR : | Mengko sik! |
| 140. AGUNGGELAR : | Lha ngapa meneh! |
| 141. SULEMUKADAR : | Lha alesane ora jelas kok! |
| 142. AGUNGGELAR : | Lha wis di kandhani ora pas karo syarate kok, ngeyel! |
| 143. SULEMUKADAR : | Alesane ora pas, wong ben bal-balane apik kok ora oleh 174 ~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~ |