154. LEZANO : Kok isoh ngerti aku wingi dolan karo Anggun sing pas mesra-mesraan meneh. Berarti kowe wingi ngetutke aku ta ?
155. CHACHA : Sorry banget aku ngetutke. Aku ngerti tekna seka Nadin kok. Rasah sok tau kowe ki !!
156. LEZANO : Yo wis, sorry nek aku sok tau. Gek aku yo jaluk ngapura yen aku gawe larane atimu.
157. CHACHA : Hah ?? Lagi jaluk ngapura kok piye.
158. LEZANO : Lha gelem ra kowe ngapurani aku ? Nek gemang yo wis ra popo sik penting aku uwis jaluk ngapura karo kowe.
159. CHACHA : Yowiss lah, tak apurani. Nanging jujur yo aku ki kuciwa tenan karo kowe, mosok lagi 2 jam pedhot, kowe uwis jadian meneh.
160. LEZANO : Sakjane ki aku urung jadian karo Anggun, nanging hubungan ku karo Anggun luweh seka kanca biasa. Gek wingi mesra kae amarga aku mesake Anggun.
161. CHACHA : Owalah.., Lha ngopo kok mesake ki ?
162. LEZANO : Yoo eneng lah. Iki rahasia ora arep tak omongke sapa-sapa. (Lezano ora wani omong amarga wedi ndak Anggun isin).
163. CHACHA : Yo wis, rapopo. Aku yo njaluk ngapuro yen aku sak plok’e dadi pacarmu nyebai lan sikapku sing kurang tata. Aku njaluk ngapura.
164. LEZANO : Yoh.. Awake dhewe kekancan kaya liyane wae rasah musuhan, sindir-sindiran. Nanging aku njaluk siji wae, nek isoh ubahen sikapmu. Wong lanang ki paling ora seneng wong wedok sing sikape ngono.
165. CHACHA : He’em. Nek isoh yo tak ubahe. Nuwun yo uwis ngenehi nasihat aku.
166. LEZANO : Oke !
BABAK VII
JAM 5 SORE LEZANO DOLAN NENG OMAHE ANGGUN. NANGING WEKTU KUWI WONG TUWONE ANGGUN LAGI LUNGO SING NENG NGOMAH KUR ANGGUN DHEWEKAN.
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
155