139. NADINA : Paling kuwi uwes do jadian pas kowe urung putus Cha, gek isoh kowe diapusi.
140. CHACHA : Wah kudu di anu Anggun ki ! wani-wanine gawe masalah karo karo aku. Cah kaya ngono apike dipiyeke din ?
141. NADINA : Lha ngopo kowe nganu Anggun ki ? Po Anggun sing salah ? Kudune Lezano ta sing ngajak dolan ketoke yo Lezano wong wingi do muleh keri dhewe kok. Gek kerep banget lho Cha aku weruh Lezano ngeterke muleh Anggun.
142. CHACHA : Ho’oh yee Din ? Kemropok atiku saiki.
143. NADINA : Sabar Cha ! Kok Lezano dingaren urung mangkat.
144. CHACHA : Ngurus banget.
145. NADINA : Dilit engkas rak mangkat, disindiri wae cha Halah dowo umure kae langsung teka.
ADEGAN II
LEZANO BANJUR TEKO NJELASKE KEDADEAN WINGI PIYE.
146. CHACHA : (Nyindir Lezano) Asyik Din. Aku wingi bar dolan karo cewek, mesra banget.
147. NADINA : Ho’oh yee Cha ? Padahal kowe lagi bar putus ta ? kok kurang ajar je Cha kowe ki.
148. LEZANO : Ngopo Cha nyindir-nyindir barang ki ? Ora trima pa aku jadian karo Anggun. (manas-manasi atine Chaca amarga mangkel)
149. CHACHA : Ahh.. Ngurus banget. Mbog kowe arep jadian karo wong 17 udu urusanku.
150. LEZANO : Lha terus ngopo kok mau nyindir-nyindir barang ngopo ? Cemburu po ?(emosi)
151. CHACHA : Sorry.. Merry.. Dorry.. Ora level cemburu barang ngopo ?
152. LEZANO : Halah.. mbok kowe ki isin. Aku ki uwis udu pacarmu, ngopo yoan dadak ngurusi aku. Penting po ?
153. CHACHA : Brebek, kurang gawean tenan aku ngurusi.
154
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~