39. LEZANO : Rasah atos ngono karo Anggun, ngomong alus ora isoh yee??
40. CHACHA : Oo,,, ngono ta saiki dukung Anggun. Jalukmu opo?
41. LEZANO : Sing salah kowe yo aku dukung Anggun sak pole ta!!, wong salah kok arep didukung
42. CHACHA : Pilih aku opo Anggun???
43. ANGGUN : Uwis ta Mbak, kowe ki salah paham. Mbog yo kowe ki isin ta Mbak, mosok arep pedot mung gara-gara kaos kaki.
44. CHACHA : Urusanku kowe ki yo ngopo?
45. LEZANO : Ayo Nggun lungo wae, cah kaya ngene ra pantes dialusi. (gandheng tangane Anggun)
46. ANGGUN: Ayo Mas
47. LEZANO : Tak terke neng kelasmu wae yo
48. ANGGUN : Rasah wae Mas, ndak Mbak Chacha tambah salah paham
49. LEZANO : Yoh, kowe mau diterke po nggowo motor dhewe Nok?
50. ANGGUN : Diterke Mas, lha pripun?
51. LEZANO : Rasah kon methuk wae, engko tak terke muleh karo jalan-jalan sisan
52. ANGGUN : Ora kepenak karo Mbak Chacha aku Mas
53. LEZANO : Masalah gampang Chacha ki, gelem yo, engko enteni neng ngarep gerbang. Nanging mulihe engko rada keri yo Nok, ndak padha salah paham
54. ANGGUN : Nggeh Mas,,,
BABAK III
ING SAJERONING KELAS PASINAON, CHACHA MURENGMURENG. KANCA-KANCANE PADHA BINGUNG. NANGING ORA SUWE LEZANO TEKA AREP JELASKE KABEH.
ADEGAN I
55. CHACHA : Aseem tenan kok,,,, kurang ajar! (emosi)
56. NADINA : Ngopo ta Cha? Kok le ora jelas banget, masalah Lezano po?
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
147