ADEGAN 1.
25. LEZANO : Ora popo nok, engko eneng pelajarane pak killer, aku malah lali ra nganggo kaos kaki, nek ora nganggo meneh ndak di santlap karo Pak Killer.
26. ANGGUN : Ok mas !! Bali resik lho, he..he.
27. LEZANO : Halah nok koyo tau di kumbah wae…
28. ANGGUN : Ngeceee….. yowiss..
29. LEZANO : Ora kok guyon. ( karo ndemok sirahe Anggun )
30. CHACHA : Wah.. wah.. wah. Pacarmu neng mburiku kaya ngene ta, ngomonge kakang adhi.. LONTONG DI KETOK-KETOK, NGOMONG THOK !
31. ANGGUN : Nyuwun ngapunten Mbak, njenengan niku salah paham.
32. CHACHA : Salah paham apane? Jelas-jelas kowe mau do kaya ngono neng ngarepku sok mesra, papane barang yo neng sepi-sepi kaya ngene. Hoalah, wedokan gatel!
33. LEZANO : Sapa sing ngajari omong elek kaya ngono?Wong wedok omongane ra tata. Sing ngajak pethukan aku kok, ngapa kowe ngonekngonekke Anggun. (mangkel)
34. CHACHA : Wolhaa,,,,kowe yo kegatelan. Ngomonge tresna jebulane MANIS DIBIBIR DOANK.
35. LEZANO : Omonganmu isoh dijogo ra?? Arep dadi opo kowe ki, rungokke sikik penjelasanku. Aku arep nyilih kaos kakine Anggun amarga,,,(omongane dipedhot karo Chacha)
36. CHACHA : Ahh,,,,brisik kokean alas an. Kok ora nyileh kaos kakiku wae
37. ANGGUN : Yaa,,,apun wis ta. Aku dadi ra kepenak
38. CHACHA : Cah cilik meneng wae
146
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~