BABAK I
OMAHE ANGGUN. WAYAH SORE
ADEGAN
ANGGUN KANG LAGI CERITA-CERITA KARO MBOKNE NALIKA WONGE TRESNO MARANG WONG LAN
1. ANGGUN : Mbok ,,,Simbok,,,,
2. SIMBOK : Ngopo to Nduk,,
3. ANGGUN : Sakjane ki aku tresno karo wong lanang lho Mbok
4. SIMBOK : Lha kok kowe sing tresna?
5. ANGGUN : Nanging ketoke wong lanang mau ora tresna aku. Piye iki Mbok?
6. SIMBOK : O walah Nduk,,, sopo to cah lanange.
7. ANGGUN : Lezano kae lho Mbok, sing kerep ngeterke aku nalika muleh sekolah.
8. SIMBOK : (Naliko krungu yen sing dimaksud Lezano Simbok muring) Lanangan kaya ngono wee disenengi. Golek sing luwih bagus ora ana po? . Lanangan ora isa nguripi we, rupane ra mbejaji.
9. ANGGUN : Kok ngono ta Mbok, aku iki tresno tenan karo mas Lezano, ketoke wonge yo wis sopan ning ngarepmu Mbok. Kurang piye Lezano ki? (Rupane melas).
10. SIMBOK : Tresno ki panganan opo??. Tresno ki ora cukup nggo nguripi kowe sesok. Lanangan ora modal we disenengi.
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
144
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~