Kaca iki wis divalidasi
BABAK VIII
IFAH MARA ING NGOMAHE ADI
350. IFAH :(Ndekep Adi lan nangis)
351. ADI : Kowe kenapa ta Dhek, teko-teko kok nangis?
352. IFAH :Adhek tresna marang mas
353. ADI :Iya dhek kowe kenapa ta?
354. IFAH :Mas Totok ngetengi Tya Mas?
355. ADI :Dadi kowe saiki wis ora karo Totok?
356. IFAH :Mboten sudi kula Mas
357. ADI :Bener ta apa sik tau tak omongke, aku ndisik k iwis tau omong ro mas Agus nek Totok ki dudu wong becik, nanging kakangmu ora percaya karo aku.
358. IFAH: Mas tetep tresna kaliyan Ifah ta?
359. ADI: Aku tetep nampa kowe apa anane Dhek. AKU TRESNA MARANG SLIRAMU SAK SALAWASE.
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
143