Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/101

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Fairus Chrisvianova
SMK Negeri 2 Kasihan

SA’UN INE:

MENTASKE MUSIK

PENUH DAYA TARIK


Sore kuwi tanggal 27 April 2011 aku diajak kancaku Elgar, nonton Sa’Unine sing lagi arep pentas ana ing Alun-alun Kidul. Penere ing pelataran ngarep Siti Hinggil, sing biasane kanggo parkir kendaraan.

Elgar iku koncaku sekolah ing SMM. Dheweke njupuk kelas biola, dene aku dhewe njupuk kelas vokal. Wektu kuwi sing nonton ora mung aku lan Elgar, nanging mula akeh pandhemen liyane sing padha teka lan kumpul ing kono. Senadyan kabare mung disebar kanthi wara-wara lumantar SMS, nanging sing padha nunggu lan arep nonton akeh banget.

Aku dhewe ora dhong Sa’Unine iku apa? Mula aku banjur takon marang Elgar, sing pancen ngerti bab kuwi. Sa’Unine iku kumpulan ansambel string, yaiku gabungan alat-alat musik, ing antarane biola, biola alto, cello lan contrabass. Anggotane Sa’Unine iku mbiyene alumni ISI Yogyakartaa, sing madeg ing taun 1992. Anggotane kurang luwih ana wong 45. Biasane anggota Sa’Unine padha ngumpul lan latihan ana ing Museum Tembi Rumah Budaya.

Kira-kira tabuh lima sore ana iring-iringan pit onthel mandheg ing parkiran. Pranyata iring-iringan kuwi mau rombongan Sa’Unine sing arep pentas wektu iku. Sadurunge pentas, rombongan kuwi mau ngadani kegiatan pit-pitan bareng kanggo mengeti Hari Bumi sing dipengeti saben tanggal 27 April.

88

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~