Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/102

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rombongan iki mangkat saka Bugisan wetara tabuh telu sore lan bebarengan tumuju Alun-alun Kidul iki. Diandharake menawa pentas sore kuwi kanggo mengeti Hari Bumi. Wiwitane adicara iki dirancang sacara spontan. Rikala padha latihan ing Tembi, ing wanci padha ngaso rembugan sinambi crita ngalor ngidul lan banjur padha sarujuk arep ngiyayakake Hari Bumi. Diwiwiti kanthi pit-pitan banjur bebarengan ngatonake kaprigelane main alat musik gesek.

Sawise kabeh siap adicara diwiwiti. Pementasane dibukak kanthi lagu Sapu Lidi sing diaransemen dening Dimawan Krisnowo Adji sing biasa diundang Wawan. Sakawit aku ora bisa mbayangke, nonton musik neng bangunan tua Siti Hinggil, ana wit-wit gedhe lan kaganggu swara motor sing pada slira-sliri. Sanadyan ana swara motor nanging tetep wae pentas iki kelakon sukses lan lancar. Penonton tetep wae kesengsem anggone nyawang lan ngrungokake pentas musik iki. Sorak rame lan keplok sarta guyonan lan gojegan nambahi regenge swasana pamentasan iki. Pokoke, kahanan ing Alun-alun Kidul sore kuwi nges, regeng lan gayeng. Ing sela-selaning pamantasan ana sing ngiderake caping nyuwun saweran sinambi nawakake album sing asil produksine Sa’Unine lan Tembi Rumah Budaya.

Lagu seteruse yaiku Lagu Minang sing rancak lan riang, Paris Berantai sing diaransemen dening Oni Krisnerwinto, pimpinan Sa’Unine sing ora iso teka wektu kuwi. Dibacutke lagu dolanan ing antarane Gundhul-gundhul Pacul, Jaranan, Cublak-cublak Suweng, lagu-lagu iki diaransemen dening Wawan. Sing nggumunake, lagu dolanan iki dimainake nganggo musik pizzicato kanthi teknik pethikan. Njalari para penonton padha keplok manut ing wiramane musik.

Pamentasan ditutup kanthi lagu Padhang Bulan sing diaransemen dening Wawan uga. Wektu iku ora kabeh anggotane melu pentas. Ana wong lima nabuh cello, Wong papat nabuh viola, sing nabuh contrabass wong siji lan wong enem pemain biola. Nadyan ora lengkap, nanging tetep gayeng, regeng lan kompak.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

89