Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/60

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Bandha Kamardikan 49


JAMAN JEPANG
Yogi

nadyan mung sukumure jagung
nanging solahe kumalungkung
akeh para priyagung kang dikungkung
jalaran padha amberung

Jamane pancen lagi rekasa
akeh wong nganggo klambi klasa
uripe tansah nelangsa
arang Mangan lan tansah pasa

jamane wis katekan
abeh rakyat padha rerangkulan
kanthi nyawiji ing gegayuhan
yaiku oleh kamardikan