Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/59

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

48 Bandha Kamardikan


BOCAH YATIM
Nur Eka Desianti

rikala umur dereng setaun
bapak kula kesah selaminipun
ibu kedah nanggung sedayanipun

rikala lungguh esde
siyang lan sonten kula sade
kula mboten ngraosaken sayah
amargi kangge nyekapi kabetahan sekolah

kula kedah ngreneangi ibu
kangge ngenthengaken sesangganing ibu
lan kedah sregep sinau
supados gesang kula mboten klintu