Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

34 BANDHA KAMARDIKAN

ESUK-ESUK

Ratmaeda Sarastry

hawa seger
atiku melu tentrem
manuk-manuk mabur
karo nembang gendhing kidungan
pratandha uripe tanpa panandhang
tanpa mikir masalah
godhong-godhong joged kau sap banyu
swara angin, melu mahargya tekane esuk
aku melu tentrem, adhem, ayem
tanpa eling p:rekura sing dadi panas ing ati
esuk ... dadi gerbang
kanggo ngayati wip
ngenam dina sesuk
kanggo nglakoni urip
dikancani swara-swara manuk
dikancani swara-swara angin
dikancani swara-swara godhong
mapak tekaning esuk
tanpa mikir prakara gorehing donya
esuk iku wiwitan
wiwitan tegese pawitan
mula dohna rasa sesongaran
sing ana tentrem, adhem, ayem