Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 33

BUKU

Istiqomah Septiawati

urip iku pepindhane buku
dientha manut lakuning jiwa
wong sinau nganggo buku
sumber simu
amrih lurusing laku
buku nggembol ilmu
nulak lan ngedohke tumindak saru

nadyan ana buku
cemawis sakehing ngelmu
kuwi kudu sinesep sarana taku
nek ora maca
lan ora gelem sinau ora bakal tinemu
golek ngelmu pawitan buka
kanggo nulis kabehing laku