Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

16 BANDHA KAMARDIKAN

AKU
Lusia Sari D.


aku ya aku
dudu wong liya
aku dudu kowe
kowe dudu aku
aku nagis, ngguyu, nesu
kuwi aku


akeh wong padha isin
ngakon awake dhewe
kepara seneng duweke wong liya
sasat wani korban apa wae
kanggo njupuk duweke liyan
aku seneng dadi aku
ya aku iki


aku seneng dadi awakku dhewe
mangka wong-wong padha seneng niru
kabeh kang katon apik
tanpa ngelingi wong liya


apa kuwi kang boklakoni, ngger?
kanggo uripmu sesuk?
datan kuwi kang arep kokliwati?
aja ngger, anakku.. aja
aja mung ngenut ombyaking jaman
isih ana dalan liya
pilihen dalan ciyut nanging agawe tentrem
aja milih dalan gedhe kang ngendhem mawa
amarga uripmu bakal rekasa
dadiya awakmu dhewe
tan kudu melu-melu
dadiya awakmu tanpa rasa wedi
wedia marang kang wajib diwedeni