Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 15

KACA PANGILON

Meina Dwi Meniarti


kaca pangilon
aweh rasa kang sarwa prasaja
kaca pidhane pandhita
ngendhika peling tanpa rasa kemba
jujur tanpa rasa serik
ala kandha ala
ayu bakal metu ayu


apa kowe ora kesel. ngadeg lan jejeg?
kacaku...
lamun ana kang maido
kowe meneng sajak nrima
marga kowe pancen ora duwe nyawa
nanging aku tansah percaya
merga aku duwe rasa
pancen jaman satki akeh padha ora duwe rasa


kamangka
kaca iku duwe rasa
kang aweh tuladha janma
mula ana unen-unen kaca benggala
yaiku tuladha kang gumelar ing donya


kaca?
nganti kapan wae kowe mesti prasaja