114 KOMENTAR PEMBACA
Puisi Jawa kang aran "geguritan pancen wis suwe jumedhule. Ing tahun 1930-an, majalah Djawa wis marambah-rambah macak anggitan puisi heheas iku. Malah ing majalah iku uga kapacak guritan kanggo bocah-bocah, sanadyan sing nganggil dudu bocah.
Tumrap bocah ing ahad melenium iki, geguritan klebu anggitan kang ora pati digape. Salagine wulangan basa lan sastra Jawa ing tataran pendhidhikan dhasar (SD lan SLTP) isi durung oleh kawigaten kang murwat, apa maneh guritan kang klebu "rada" kasingkur dening guru-gurune. Mula. kanthi tumandange Bengkel Sastra Jawa-kang wus tumindak wiwit tahun 1997—, ing taun 2000 iki sing digladhi bocah-bocah SLTP.
Ora nyana, ora ngira, jehul bocah-bocah sing maune ora tepung karo guritan, bareng digladhi palang dina wis bisa ngracik tetembungan dadi guritan kang bisa narik kawigaten lan mongkogake ati. Cundhuk karo umur-umurane, pancen puisi-puisine katon prasaja, kaya dene kudhup-kudhup kembang kang ngemu gegadhangan. Ewa semono, ana siji loro kang nyenggol alam filosofis, kaya ta "Bandha” (Ibnu Gholib), "Kaca Pangilon” (Meina D.M.). lan "Mulih" (Ayu Suci W.). Ing pangajah, kudhup-kudhup geguritan iku bisa ngrembaka dadi kembang-kembang kang endah lan nengsemake.
Drs. Slamet Riyadi