Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/124

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Komentar Pembaca

1
Bakat Pancen kudu Digegulang

Geguritane para siswa SLTP kang kaimpun ing antologi iki wis bisa nggambarake onjone bakat kang sadurunge mung sinimpen ing angga. Ora baen-baen. Para siswa SLTP kang mung patang dina digegulang ing Bengkel Sastra Jawa iku jebul ora nggelani.


Antologi iki minangka seksi kang otentik bab kaprigelane kang ora kinira mumpuni iku. Coba ta disemak isi lan kaendahaning geguritan kang asesirah "Prangko", "Unbelievable", "Aku mung Cecak, ora Luwih", "Tissu", lan liya-liyane kang ora kanyana-nyana bisa tuwuh saka sanubarine para remaja kang isih ijo iki. Mengkono uga geguritan kang asesirah "Sandhal", lan "Kaca" kaya-kaya nuduhake marang kita yen penggurite iku aja diwilang saka akching umur, nanging saka pangrasaning bakat lan baweraning tlatah pangumbaran.


Aku banget bombong lan yakin yen ing tembe bakat-bakat iku mau nemoni tlatah kang saya bawera. Mendah edine kasusastran Jawa ing tembe amarga bakal tuwuhe mutiara-mutiara kang sumunar. Muga-muga. dadiya kanyatan.


Dra. Sri Widati

* Peneliti Sastra pada Balai Bahasa Yogyakarta

* Ketua Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta