Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/83

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

84

PASEMON WONG SAMARIA KANG WELASAN

***

paramarta mau dadi pralambangé Gusti Allah; lan para abdi kang paḍa duwé utang iku masemoni manusa kabèh sing paḍa kanggonan dosa. Sing akèh utangé, paukumané ija abot. Malah ing salawasé uripé, manusa ora bakal bisa mbudidaja murih luwaré saka paukuman. Nanging Gusti Allah iku maha mirma lan asipat welas. Allah kepareng ngapura .... Mulané manusa apa paḍa ora kuwadjiban apura-ingapura mungguh ing kaluputané pepaḍané, kaluputan sing mung sepélé, jèn katanḍing karo kaluputané manusa ana ing ngarsané Allah?

Wis naté Gusti Jésus paring piwulang bab pandonga; lan pandonga mau ana kang surasané mengkéné: „Ḍuh Rama! .... Tuwan mugi ngapunten sakaṭahipun kalepatan kawula, kadosdéné kawula inggih sami ngapunten ing tetijang ingkang kelepatan ḍateng kawula.” Ngapura sadulur! Ora mung ping pitu, nanging malah nganti ping pitung puluh tikel pitu! Ora kenḍat-kenḍat ing salawas-lawasé. Kaja mengkono kersané Gusti!

PASEMON WONG SAMARIA KANG WELASAN

ING sawidjining dina ana wong ahli Torèt sowan ing ngarsané Gusti Jésus sumedya njoba marang Pandjenengané. Gagasané wong mau kira-kira mengkéné: „Guru anjaran iki daktjobané, apa bisa mangsuli pitakonku apa ora. Dakdadaré kawruhé bab angger-angger, apa bisa ngimbangi kawruhku apa ora. Jèn nganti mlèsèt wangsulané, mesṭi tjilaka awaké, djalaran akèh wong sing bakal ngrungu, temahan bakal konangan jèn enggoné dadi guru iku mung apus-apusan baé, dudu guru sedjati kajadéné para ulama, ahli Torèt lan wong Farisi, sing wis mesṭi luwih pinter lan luwih mursid.” .....

Undjuké wong ahli Torèt mau: „Guru, srana pandamel punapa kula baḍé angsal warisan gesang langgeng?” Gusti Jésus ningali wong mau, lan ija wis mirsa apa sing dadi gémbolaning atiné, éwadéné ora bandjur duka. Wangsulané Gusti Jésus awudjud pandangu mengkéné: „Kang katulisan ing Torèt apa? Pamatjamu keprijé?”

Tumrapé wong ahli Torèt pandangu mengkono iku dudu apa-apa, mulané énggal njaosi wangsulan: „Kowé tresnaa marang Pangéran Allahmu diklawan gumolong atimu, lan gumolong njawamu, sarta klawan sakakuwatanmu, apadéné klawan gumolong budimu. Lan marang sapepaḍamu dikaja marang awakmu ḍéwé.” Pangandikané Gusti Jésus: „Bener wangsulanmu. Ija iku lakonana, temah kowé bakal urip.”

Wong ahli Torèt, panunggalané djamhur-djamhur Jahudi, ketjélik lan kisinan, djalaran ora olèh gawé enggoné njoba Gusti Jésus. Malah saiki wong akèh bakal paḍa ngerti jèn Gusti Jésus ngungkuli wong ahli Torèt dalasan ing bab angger-angger.

Éwadéné wong mau durung entèk akalé. Sarèhné arep mbetjikaké awaké ḍéwé, mulané mundjuk pitakon manèh mengkéné: „Sinten ta ingkang dados sesami kula?.. Wong mau karepé arep mratélakaké, jèn wis nresnani pepaḍané, jaiku seduluré, sanak-kadangé, bangsané. Apa iku isih kurang? „Sinten ta ingkang dados sesami kula?”

ING kono Gusti Jésus bandjur maringi wangsulan ngagem pasemon, pangandikané: „Ana wong lumaku meḍun saka ing Jerusalèm menjang ing Jericho. Dalané rumpil tur sepi, lan mutawatiri .... Satekané ing panggonan sing singub, wong mau ketiwasan katempuh ing bégal, diblèdjèdi barang gegawané tekan sanḍangané, sarta awaké diwasuh nganti setengah mati, lan wekasané ditinggal gumlinting ing pinggir dalan dikira jèn wis mati. Sawisé iku bégal lan kantjané kabèh bandjur énggal sumingkir.

Wong sing dibégal mau kari gumléṭak ana ing dalan tanpa daja, awaké sakodjur gubras getih, rasané ndjarem lan pegel ora karuwan, wuwuh-wuwuh kebrongot déning panasing tengangé; jèn ora bisa olèh pitulungan wong mau mesṭi bakal mati ngenggon ....

NALIKA semono kapinudjon ana wong liwat, mangka sing liwat iku imam. Imam iku abdining Allah, mesṭiné sugih kawelasan lan katresnan. Nanging ana daulaté, ora ana begdjané! Bareng weruh ana wong gumléṭak ing pinggir dalan, imam mau liwaté bandjur njimpangi, asengadi ora weruh wong mau. Ing batiné wis olèh pawadan mengkéné: „Wong kaé mesṭiné wis ora kena ditulungi; upama ditulungana, ora wurung mesṭi mati. Mangka jèn bégalé bali manèh nempuh marang aku, gèk keprijé polahku? Luwih betjik aku énggal ngontjati panggonan iki, supaja ....!”. Lakuné bandjur digelak, daja-daja bisaa sumingkir saka ing panggonané bilai!

O, pantjèn wis nasibé wong sing dibégal mau, arep olèh pitulungan baé kok nganti wurung!

NANGING ora antara suwé keprungu ana gedebegé wong mlaku; saiki sing liwat kalebu golongané wong Lèwi, dadi ija kagolong abdiné Allah, pagawéané ana ing padaleman sutji ngladèni para imam jèn pinudju saos kurban .... Wong iki mesṭiné kena diarep-arep pitulungané. Nanging bareng weruh