PASEMON ABDI KANG KAMITÉGAN
83
ing gunung” bareng karo diwartak-wartakaké marang saben gelem ngrungu: Gusti Jésus, Putrané mi ngagem kamuljan kaswargan!
PASEMON ABDI KANG KAMITÉGAN
KATJARITA ing sawidjining dina Pétrus mundjuk marang Gusti Jésus, undjuké: ,,Gusti, menawi sadèrèk kawula gadah kale- patan dateng kawula, ngantos rambah kaping pinten enggèn kawula ngapunten? Punapa ngantos kaping pitu?”
Panjanané Pétrus: ,,Ping pitu, semono iku rak wis katog djenengé! Jèn wong digawé serik déning seduluré nganti ambal kaping pitu, ora nganti muring, iku wis ngungkuli takeran, dadi mestiné ora ana sing bisa ngla- koni. Dalah wong Farisi déwé pada mula- ngaké: ,,Ambala ping telu enggonmu pada ngapura ....!” ”
Ing kono dawuh wangsulané Gusti Jésus mengkéné: ,,Adja mung ping pitu, malah ngantia ping pitung puluh tikel pitu.”
Para sekabat wis bisa njandak kang dadi kersané Guruné, jaiku: wong urip iku pada kadawuhan tansah tjumadang ngapura kalu- putané pepadané, mengkono sing dikersakaké Gusti Jésus, nanging sapa sing kuwat?
MULANÉ Gusti Jésus bandjur paring piwulang sarana pasemon tjritané abdi kang kamitégan, tjrita sing wiwitané njene- ngaké, nanging” wekasané njedihaké. Ana sawidjining radja lagi sinéba ing para abdiné sing pada utang-kapiutang karo sang prabu. Ing kono ana abdi sidji kasébakaké kang duwé utang saleksa talenta (kira-kira telung puluh nem juta rupijah), mangka wong mau ora duwé kang kagawé njaur utangé. Lan saupama wong mau diparengaké nitjil utangé, mbok nganti tekan pundating umuré, utangé durung bisa lunas, Keprijé enggoné arep bisa mentas saka ing kasangsaran semono gedéné?
Sarèhné wis tita mengkono kaanané, mulané dawuhé sang prabu: ,,Wong mau saanak- bodjoné dalah saduwèk-duwèké kaedolana, supaja anaa kang kagawé njaur. Senadjan Ora sepiraa pepajoné, éwadéné tumrap wong mau lelakon iku dadi paukuman kang abot!”
Ing kono abdi mau bandjur sumungkem sudjud marang sang prabu sarta mundjuk: ,,Duh Gusti, mugi wontena kasabaran dalem dateng kawula, ladjeng badé kawula saosi Panjaur sapundatipun.”
Sang prabu banget trenjuh galihé déning welas, Apa wong mau bisa njaosi panjaur Sapundaté? Ora mengkono sing dikersakaké sang prabu. Mulané dawuhé sang prabu: ,,Wis mundura! Sira sunluwari lan utangira sun-lilakaké marang sira."
Abdi mau bandjur mundur klawan bungah atiné, rumangsa begdja kemajang olèh kanu-grahan sing tanpa upama gedéné. Saiki wis luwar saka sangsara lan utangé wis lunas kabeh!
Kotjapa... saunduré abdi mau saka ing paséwakan, bandjur ketemu kantja abdi sing kepotangan satus dinar (kira-kira mung patang puluh loro rupijah). Kantja gawé mau bandjur ditjekel lan diteka luné, kambi udjaré: ,,Bajaren kang utangmu!”
Abdi sing mentas ngrasakaké kawelasan lan kanugrahan semono gedéné, wentala tumindak sawenang-wenang marang kantja abdi, mang- ka enggoné motangaké mung setitik. Bareng dianggrak mengkono mau, sing rumangsa kalah bandjur sumungkem lan memelas, pangutjapé: ,,Mugi wontena sabar sampéjan dateng kula, ladjeng badé kula aturi panjaur sapundatipun.” Nanging kang motangaké rengkeng lan ora gelem tepa-slira, malah kang utang mau bandjur dilebokaké ing kundjara.
Kantjané pada abdi bareng ngrungu warta bab lelakon mau, pada banget pangunguné. Udjaré wong-wong mau: ,,0, angkara lan ambek-sija temen wong iku! Awaké déwé begdja, djalaran utangé sing semono gedéné wis dililakaké. Saiki gelem tumindak sawe- nang-wenang gawé tjilakané pada kantjané, mangka utangé ora sepiraa kèhé.” Mulané wong-wong mau bandjur pada séba marang sang prabu, ngaturi pirsa apa kang kelakon kabèh. Sang prabu sanalika bandjur duka banget, lan utusan nimbali abdi kang kami- tégan mau. Bareng wis sowan, abdi mau bandjur dipangandikani klawan sereng: ,,Èh abdi duraka, utangira kang semono iku wus sunlilakaké marang sira, marga sira memelas marang ingsun; rak wis wadjib sira uga melasi marang kantjanira kaja enggoningsun melasi marang sira.”
Sarèhné sang prabu banget dukané, abdi mau bandjur dilebokaké ing kundjara supaja kapatrapan ukum siksa nganti pundat eng- goné njauri utangé. Apa bisa pundat?... Ngantia tekan ngadjalé pisan, utangé mesti durung bisa lunas!
SAWISÉ Gusti Jésus ndawuhaké pasemon mau, ing kono pangandikané Gusti : ,,Kaja mengkono uga Ramakku ing swarga ija bakal matrapi | sawidji-widjining” panunggalanmu kang ora ngapura klawan terus ing ati marang kaluputané saduluré.”
Pétrus lan para sekabat lijané wis bisa njan- dak eliding pasemon mau. Radja kang ambek