Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/8

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki durung katitiwaca

10 PAWARTA SAKA MALAÉKAT DJABRAÈL

satembung baé saka pangrunguné Zacharjah, nanging sadjaké Zacharjah durung pati njan- dak wosé, Zacharjah isih terus ngrungokaké, lan pawarta sing didawuhaké Malaékat mau saja mbungahaké, Dawuhé mengkéné; ,,Iku bakal ndadèkaké bungah lan renamu, tuwin akèh wong kang bakal pada bungah awit saka lairé. Mulané mengkono awit iku bakal dadi wong pinundjul ana ing ngarsané Pangéran, lan bakal ora ngombé anggur sapanunggalané kang ngendemi, sarta bakal kapenuhan ing Roh Sutji wiwit saka wetengané emboké mula. Apadéné bakal ngulihaké wong Banis- raèl akèh marang Pangéran Allahé, tuwin bakal lumaku dadi tjetjala ndingini tindaké Pangéran, klawan ngrasuk rohé lan ngampil pangwasané Élijah.” Wosé pawarta sing adi- aèng jaiku sing surasané: ,,Bakal lumaku ndingini tindaké Pangéran, dadi tjetjala ra- wuhé Sang Djuru Panebus.” Zacharjah wedi banget, grojok swarané nalika matur marang” Malaékat: ,,Srana punapa enggèn kawula saged sumerep, bilih punika sedaja saèstu badé kelampahan? Punapa kawula lan sémah kawula samangké taksih badé pinaringan anak?.... Awit kawula sampun sepuh saha sémah kawula sampun lungsé ing wantji.” Ora, Zaecharjah ora bisa énggal-énggal ngandel. Tekané pawarta kabungahan mau dadakan, mangka pawarta mau luwih déning wigati. Wis mataun-taun enggoné Zacharjah lan Élisabèt njenjuwun marang Gusti Allah supaja kaparingana momongan anak, nanging semu-semuné Gusti Allah ora kepareng minangkani panjuwuné mau. Mangka saiki- saiki bareng wis pada tuwa, lagi dirungoni pawarta kang banget mbungahaké mau. Apa manèh anak lanang peparingé Allah mau bakal kepareng lumaku dadi tjetjala ndisiki rawuhé Sang Djuru Slamet, kang diprasetya- kaké marang para leluhur. Wah, saiba gedéné kabungahané jèn bisa kelakon temenan, Na- nging keprijé bisané Zacharjah ngerti jèn sing mentas dirungu mau bakal kelakon temenan? Mengko gèk mung impèn baé .... : Ing kono” Malaékat bandjur ngandika manèh; ,, Aku iki Djabraèl, kang ngadep ana ing ngarsané Allah, sarta kautus ndawuhi kowé, martani kabungahan iku mau. Lah kowé bakal dadi bisu, ora bisa tjelatu kongsi tumeka ing dina kelakoné iku mau, mulané mengkono awit kowé ora ngandel ing pitu- turku.” Iku kang. bakal dadi tenger, nanging ija dadi paukuman tumrap Zaecharjah, sebab enggoné maido. Pada sanalika Malaékat mau murtja saka ing pandeleng, patrapé kajadéné nalika ruwuh, tanpa sabawa lan banget nggumunaké. Zacharjah bandjur metu, atiné kebak ka- bungahan kaworan pakéring. Bareng wis tekan ing djaba, bandjur ngegaraké tangané arep nglantaraké berkah marang wong kang isih pada ngentèni, nanging Zacharjah ora bisa ngutjap apa-apa, ndjalari gumuné wong akèh, Kabèh pada nunggal panjana jèn Zaecharjah mentas weruh tetingalan wahju ana ing pada- leman sutji mau, mulané nganti suwé Ora metu-metu, luwih suwé katimbang adaté imam-imam lijané., Mangka saiki Zacharjah dadi bisu. Nanging jèn njawang polatané sing katon sumringah lan mripaté sing ngemu kabungahan, wong-wong bisa ngerti déwé, jèn Zacharjah banget enggoné kepranan atiné déning lelakon sing mentas baé dialami ana ing padaleman sutji. Klesik-klesik swarané wong pada rerasan: ,,Imamé mau mentas weruh tetingalan wahju!” Nanging ora ana sidji baé sing ngerti temenan apa sing kelakon mau. Saulihé Zacharjah saka Jesusalèm, Élisabèt, somahé, bandjur didjarwani bab pawarta ka- bungahan. Wis mesti baé ora nganggo tjrita lésan, djalaran Zacharjah kebatjut bisu, nanging nganggo tulisan. Kabèh sing arep dikandakaké ditulis ana ing papan panulisan, sabak kaju sing didèkèki malam. Dadiné Élisabèt bisa matja kabaré kabungahan mau. Marga saka iku wong tuwa sakloron mau pada saos pamudji sukur marang Pangéran saka telenging atiné, awit sadjegé urip durung tau ngalami kabungahan sing semono gedéné. Lan sabandjuré mung tansah pada nganti- anti klawan bungah marang kelakoné prase- tyan kang diparingaké déning Pangéran. Iku mau pawarta kang kapisan kang diam- pil Malaékat kalantaraké marang imam Za- charjah, wong sing prasadja banget uripé, nanging sing tresna marang Allah klawan gumolonging atiné.

K ATJARITA, let nem sasi sawisé lelakon mau, malaékat Djabraèl tumedak manèh saka ing swarga menjang ing bumi. Panggonan sing dirawuhi saiki désa tjilik sing arang kotjap, jaiku désa Nasarèt ana ing laladan Galiléa. Pawarta kaswargan sing diam- pil mau ora didjudjugaké menjang omah ge- dong gedé ndjenggarang, nanging menjang omah ijilik, sing dienggoni wong wadon isih enom tur legan. Ing kono rawuhé Malaékat dumrodjog tanpa larapan, pangagemané sar- wa gumebjar mblerengi mripat. Wong wadon sing karawuhan mau kalebu wong lumrah baé, ora tau kotjap, déné arané Marjam. Marjam mau ora sugih pawong mitra, wong ing désa sakiwa-tengené prasasat ora ana sing wanuh. Satemené Marjam isih