Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

PAWARTA SAKA MALAÉKAT DJABRAÈL

9

ngagem kamuljan lan kawibawan kajadéné ratu agung binaṭara, sekti mandra guna lan prawira ing perang, lan rawuhé mau bakal ngluwari bangsa Israèl saka pamisésané mungsuh, temah bangsané bakal ngalami djaman kamuktèn, malah ija ora mokal jèn bangsané ing tembé bakal nelukaké saindenging djagad. Nanging wong-wong mau ora ngerti apa nalaré Sang Pamarta iku kedah rawuh ing donja. Rawuhé ora bakal ngajoni perangé mungsuh sing sikep gegaman panah lan peḍang lan sing nggempur baluwarti. Mungsuh sing arep ditanḍingi iku ora kasat mripat, nanging linuwih kasektèn lan kadibjané.

Rawuhé Sang Djuru Panebus bakal nglawan si pangawak dursila, ija Sétan, sing tansah nuntun manusa nglakoni sarupaning piala sarta misahaké manusa saka ngarsané Gusti Allah, ija Iblis, mungsuh sing ambek niaja lan nggegirisi.

Mangka .... Sang Djuru Penebus mesṭi bakal ngasoraké mungsuhé inglawas-lawasé.

Njata, bareng wis olèh telu utawa patang éwu taun Sang Djuru Slamet kang diprasetyakaké lagi rawuh. Allah iku setya-tuhu, prasetyané sidji baé ora ana sing ketjitjir.

Nanging — rawuhé iku ora ngagem kamuljan lan kawibawan, ora kaja ratu agung binaṭara. Rawuhé Sang Pamarta iku ora binarengan lelakon kang ngébat-ébati, kang ndjalari pawarta bab rawuhé mau kaweruhan wong sadjagad kabèh. Ora, kaaran kang setemené iku kosokbali karo panjanané wong akèh, awit enggoné rawuh mau prasasat tanpa sabawa tur prasadja banget, mangka sing ngerti utawa sing diprungoni mung wong sidji loro.

Ana Malaékat tumeḍak saka swarga kautus menjang djagad nimbalaké pawarta, jèn wis tekan titimangsa sing diprasetyakaké nalika djaman kuna, nanging sing didjudjug dudu keḍatoné radja binaṭara, sing diparani dudu ratu lan para panggeḍé kadonjan utawa para wong sugih. Pawarta kabungahan saka swarga sing diampil Malaékat mau ora diparingaké marang wong-wong sing wis tinunggon ing kamuktèn lan kamuljan.

Ora — Malaékat mau murugi wong sing ora tau kotjap. Wiwitané ndjudjug ing panggonané imam, wongé wis tuwa tur mung wong lumrah; sapungkuré iku Malaékat ngrawuhi sawidjining prawan kang uripé prasadja banget.

Dadiné wong loro mau sing paḍa ngerti ḍisik ḍéwé jèn wis tekan titimangsa kelakoné lelakon adi-aèng, sing durung tau kelakon selawasé djagad gumelar.

Allah kang Mahakuwasa ngutus Sang Putra rawuh marang djagad kang wis kèrem ing dosa lan tjilaka, pamurihé, supaja ngentasaké djagad saka ing kasangsaran.

PAWARTA SAKA MALÉKAT DJABRAÈL

KATJARITA, lelakoné kawiwitan ana ing Jerusalèm, ing sadjeroné padaleman sutji ing bangsal kentjana, kang kasebut „Pasutjèn”.

Ing kono ana imam wis tuwa, lagi nindakaké ajahané klawan wedi lan pakéring. Ing mesbèh padupan emas wis didèkèki dupa, bandjur diobong. Kukusing dupa kumelun menḍuwur ésṭané kaja nggambaraké sumengkané pudja-pudjiné saumat kabèh ana ing pangajunané Allah. Enggoné ngobong dupa mau ora kanggo butuhé ḍéwé, nanging kanggo saumat kabèh, pantjèn mengkono iku wis dadi wadjibé imam; lan nalika semono mbeneri gilirané imam sing wis tuwa mau saos kurban marang Gusti Allah ana ing djero Pasutjèn.

Imam mau omahé ora ana ing Jerusalèm, nanging ana ing pagunungan laladané tanah Judéa, karo somahé mung wong loro sélo, awit paḍa ora duwé anak, mangka sakaroné wis paḍa lungsé ing wajah. Miturut adaté kaimaman, para imam mau genti-gentèn manut tibaning urak munggah menjang Jerusalèm nglakoni ajahaning imam ana ing padalemané Pangéran.

Imam sing wis tuwa mau arané Zacharjah, lan somahé Elisabèt.

Zacharjah enggoné nindakaké ajahané klawan tumemen, mangka tanpa rowang sidji-sidjia; sarampungé saos kurban, bakal metu saka ing Pasutjèn lan nglantaraké berkahé Allah marang umat kagungané, sing paḍa ngentèni ana ing palatarané padaleman sutji.

Imam sing ngibadah mau rumangsa begdja banget, déné kepareng ngladosi pepunḍutané Pangéran.

Nanging dumadakan imam mau kagèt banget.

Apa ta kang katon iki? .... Sorot apa ta iki kang tjahjané mblerengi mripat?

Zacharjah énggal mundur, tumuli katon ana Malaékat djumeneng ana ing ngarepé, pangagemané sarwa putih gumebjar mblerengi kaja soroté srengéngé. Zacharjah mung meneng baé, atiné tab-taban nganḍut wedi. Tudjuné Malaékat mau bandjur ngandika, arum pangandikané: „Zacharjah, adja wedi!” Tjeṭa pangrunguné Zacharjah marang pangandikané Malaékat kang nḍawuhaké prakara kang ngéram-éramaké, ḍawuhé: „Adja wedi Zacharjah, awit pandongamu wus katrima, Élisabèt somahmu bakal nglairaké anakmu lanang, iku djenengna Jochanan.” Pangandikané Malaékat mau ora ana sing nlisip