Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

8

DJURU SLAMET KANG DIPRASETYAKAKÉ

***

djining wong sing isih éling marang Allah. Wong pilihané Gusti Allah mau djenengé Abraham. Gusti Allah tumuli ndamel prasetyan karo Abraham. Abraham bakal kadadèkaké bangsa gelengan geḍé nganti prasasat tanpa wilangan. Teḍak-turuné Abraham tjatjahé bakal kaja lintang sing abjor ing langit lan kaja weḍi sing gumelar ing pinggir segara. Turuné Abraham, kapisahaké saka ing antarané bangsa lija-lijané lan kapapanaké ana ing tanah Kanaan, kapidji dadi umat kagungané Allah.

Nanging sing banget mbungahaké, jaiku: saka ing antarané bangsa teḍaké Abraham ing tembé bakal mijos Sang Djuru Slamet, ija Panebusé djagad. Iku wudjuding kanugrahan geḍé, malah sing geḍé ḍéwé, sing diparingaké Gusti Allah marang manusa.

Abraham bareng wis sepuh ija bandjur séda. Lan Djuru Slamet durung padja-padja rawuh. Prasetyan kang mbungahaké durung ditetepi. Éwadéné sédané Abraham bisa kanti tentrem lan ajem, djalaran pratjaja, jèn Gusti Allah mesṭi ora bakal ngingkedi pangandikané.

Iskak lan Jakub, kajadéné Abraham, ija kaparingan prasetyan kang mbungahaké mau déning Gusti Allah. Nanging bareng wis tekan titimangsané kukud saka ing djaman ramé, Iskak lan Jakub ija bandjur séda klawan narima, senadjan ora kepareng menangi rawuhé Sang Djuru Slamet. Manusa ora diparengaké weruh kapan rawuhé; sing pirsa mung Gusti Allah pijambak.

Sadurungé Jakub séda, para putrané paḍa kaparingan berkah. Jahuda dipandumi berkah sing geḍé ḍéwé: Sang Djuru Slamet bakal mijos saka taler Jahuda. Enggoné Jakub nglairaké berkah mau mung manut sapanuntuné Gusti Allah pijambak.

Sapungkuré lelakon iku mau, lelakon manéka warna gilir gumanti tumruntum tanpa ana peḍoté nganti maèwu-èwu taun.

Sang Djuru Slamet durung kelakon mijos. Wong Israèl sing pada ngantepi pangabektiné marang Allah, enggoné nganti-anti mijosé Sang Djuru Slamet nganti tjetjengklungen. Nalika bangsa Israèl isih paḍa nglembara ana ing ara-ara samun nganti patang puluh taun lawasé, bareng wis pada dedunung ana ing tanah prasetyan kang loh djinawi, lan nalika dadi wong bandangan dibojong menjang ing tanah Babil, panganti-antiné marang Sang Djuru Slamet isih adjeg dumunung ana ing atiné bangsa Israèl.

SAMANGSA wong Israèl sing paḍa ngibadah, saos kurban marang Gusti Allah, samangsa kéwan sing arep dikurbanaké, kasembelèh lan kaobong ana ing mesbèh, wong mau ija wis ngerti, jèn awaké ḍéwé sing satemené kudu mati karana saka dosané, apadéné ija ngerti jèn awaké déwé ora bakal bisa sowan marang ngarsané Gusti Allah.

Salawasé tansah ana apa-apa sing misahaké wong-wong mau saka ing patunggilané Allah. Sing misahaké mau jaiku dosané ḍéwé. Lah sapa sing bisa njirnakaké dosa mau? Gèk sapa sing saguh njangga paukumaning piala sing dilakoni déning manusa kabèh? Ana Sidji sing bisa, jaiku Sang Djuru Slamet utawa Djuru Panebus. Pandjenengané bakal ngrembat paukuman, sing satemené kudu disangga déning wong-wong mau. Pandjenengané bakal nanḍang sangsara lan séda, dadi tawur utawa bebantené wong kabèh. Jèn wis kelakon mengkono, manusa lagi diparengaké sowan ing ngarsané Allah.

Maha-asihé Sang Djuru Slamet mau bakal njlametaké manusa ing salawas-lawasé, mulané ija wis mungguh banget sinebut Sang Djuru Slamet.

Éman, ora kabèh wong paḍa njanḍak prakara iku mau. Pantjèn ija kalebu prakara kekeran kang ora gampang kawijak.

Nanging wong lsraèl lanang wadon sing paḍa ngibadah temenan, bisa ngerti wigatining kekeran mau; mulané tansah njuwuna marang Allah rina lan wengi supaja Sang Djuru Slamet énggala rawuh lan pada nganti-anti klawan sabar-tawekal.

Para nabi ing djaman kuna bola-bali ngandikakaké bab bakal tumekané djaman karahajon mau dadi djedjering pangidungé para djuru masmur. Para imam mulangaké bab karahajon iku marang saumat kabèh; mengkono uga para bapa ora kenḍat njaritakaké bab kang wigati mau marang anak putuné turun-tumurun.

Kang bakal rawuh mau kasaosan peparab utawa sesilih kang apik-apik.

Asmané bakal kasebut Immanuèl, tegesé: Allah nunggil klawan kita. Ija kasebut Sang Mesih, Sang Djebadan, Sang Djuru Slamet, Sang Djuru Panebus, Sang Pamarta. Nanging lelakon sing njeḍihaké ana ing patamanan Pirdus wis ana patang èwu taun kepungkur, éwasemono kang diprasetyakaké durung rawuh.

KOTJAPA, nalika djaman semana tanah Kanaan dadi djadjahané negara Rum; wis pirang-pirang tanah lijané sing ditelukaké déning wadyabala Rum. Bangsa Israèl ija didadèkaké bangsa telukan, lan ḍampar kapraboné radja Dawud dilenggahi ratu saka negara lija. Iku mau ndjalari prihatiné bangsa Jahudi. Mulané ija ora nggumunaké, jèn wong Jahudi akèh kang paḍa duwé panjana, wis tekan titimangsané sang Djuru Slamet rawuh