Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

38

ING JERUSALÈM

***

SASUWÉNÉ rijaja Paskah Gusti Jésus bola-bali rawuh ana ing palataran padaleman sutji. Ing kono Pandjenengané wiwit meḍar sabda lan memulang wong golongan; ana ing kono Pandjenengané ija ngatingalaké pratanḍa kaélokan warna-warna; paring pitulungan marang kang paḍa kesrakat, wong lara paḍa diwarasaké lan kang nanḍang sedih paḍa diparingi panglipur.

Akèh banget tjatjahé wong kang paḍa pratjaja lan tresna marang Pandjenengané, kajadéné Jochanan lan Pétrus sarta Andréas lan lija-lijané enggoné kasok katresnané marang Gusti Jésus. Saben dina wong-wong mau paḍa sowan ana ing ngarsané perlu ngrungokaké weḍaring pangandikané Gusti, apadéné paḍa ora bosen-bosen njebar warta marang angger wong sing gelem ngrungu: „Sanjata Sang Mesih wis rawuh, lan aku wis paḍa ndeleng kamuljané!”

Nanging para pangarepé bangsa Jahudi, para Farisi lan ahli kitab, paḍa ora pratjaja. Pantjèn nggumunaké banget prakara-prakara kang mentas paḍa dirungu lan dideleng, nanging keprijé bisané ketemu ing nalar jèn Sang Mesih iku pinangkané saka ing désa Nasarèt? Semuné wong anjar mau mèmper wong tjulika. Saka panjanané kang diarani Sang Mesih iku mesti sédjé banget kaanané.

EWADÉNÉ ....

Ing wajah bengi ngarepaké wajah sirep wong, ing kuṭa Jerusalèm sing wis sepi ana wong lanang mlaku idjèn; wong mau panunggalané para Farisi lan ahli kitab, kalebu pangarepé wong Jahudi, wong kadjèn kéringan ana ing Jerusalèm; namané Nikodémus,

Enggoné mlaku mlipir-mlipir milih panggonan kang rada linḍuk, pamurihé supaja adja nganti kaweruhan ing wong.

Bareng tekan ing ngarep omah pamonḍokané Gusti Jésus nalika semono, Nikodémus bandjur ṭoṭok-ṭoṭok lawang, lan mrasadjakaké karepé enggoné kepéngin ketemu karo Gusti Jésus.

Gusti Jésus ora nampik pisowané Nikodémus. Pandjenengané ija pirsa, jèn Nikodémus mesṭine pakéwuh banget ingatasé para pangerepé wong Jahudi, mulané enggoné sowan milih wajah bengi, éwadéné Gusti Jésus miḍangetaké kabèh aturé Nikodémus klawan rena ing galih.

Mungguh Nikodémus ḍéwé sedjatiné durung bisa olèh wawasan kang gumaṭok ingatasé nabi anjar sing pinangkané saka Nasarèt iku. Pawong mitrané, jaiku para Farisi lan ahli kitab, paḍa ngarani, jèn wong iku tukang ngapusi, nanging osiking atiné Nikodémus ora bisa mbeneraké panemu mengkono iku. Batiné mengkéné: „Ora mokal jèn iku sanjata kang djumeneng Sang Mesih. Mulané tjoba sowana, njuwuna pirsa ḍéwé, lan tilingna kang dadi pangandikané ....”

Klawan anḍap-asor Nikodémus mundjuk ana ingarsané Gusti Jésus: „Rabbi kawula sami sumerep, bilih rawuh Tuwan dados guru punika saking karsanipun Allah, udjer boten wonten tijang ingkang saged nindakaken pratanḍa kados ingkang Tuwan tindakaken punika, menawi boten tinunggil déning Allah”

Ing nalika iku Gusti Jésus bandjur ngandikakaké prakara warna-warna. Gusti Jésus mratélakalé klawan tjeta, jèn manusa ora bisa olèh karahajon lan ora bisa olèh kaswargan, samangsa ngemungaké netepi lan nglakoni sakèhing angger-angger sing wis diparingaké déning Musa lan angger-angger tambahan gawéané para Farisi. Patrap mengkono iku ora bisa makolèhi tumrapé manusa. Djalaran sing kudu diowahi iku atiné, atiné manusa kudu kebak katresnan marang Allah, lan sabarang gawé kang ditindakaké déning manusa, iku tumindaké mung karana saka katresnané marang Allah, minangka tjihnaning atur panuwuné.

Manusa iku satemené kudu dadi manusa anjar, dadi kudu dilairaké kaping pinḍo.

Nikodémus nilingaké sakèhé ḍawuhé Gusti, nanging durung bisa njanḍak tegesé kabèh. Pangandikané Gusti Jésus béda banget karo piwulangé para ahli kitab.

Sabandjuré Nikodémus isih diparingi wedjangan apa werdiné nabi Musa ing djaman kuna gawé rerékan ula, bandjur disengkakaké ana ing pasamunan, jaiku ing nalika bangsa Israèl katempuh ing ula mandi pirang-pirang, sapa sing ditjakot, mesṭi nemahi mati. Musa tumuli mandjer rerékan ula, mangka ija kelakon saben ana kang katjakot ing ula, angger mandeng marang rerékan ula tembaga mau, temah lestari urip.

Nikodémus wis ngerti tjritané, nanging durung njanḍak eliding tjrita, Gusti Jésus bandjur ngandika: „Kajadéné rerékan ula iku enggoné disengkakaké déning Musa ana ing pasamunan, ija mengkono uga Putrané Manusa enggoné pinesṭi kasengkakaké. Awitdéné Allah enggoné ngasihi marang djagad iku kongsi masrahaké Kang Putra ontang-anting, supaja saben wong kang ngugemi, adja kongsi nemu karusakan, nanging nduwénana urip langgeng.”

Tumrap Nikodémus pangandikane Jésus kang mengkono iku pantjèn katembèn enggoné ngrungu, nanging ija wis bisa njanḍak kang dadi sarining pangandika: „Sang Mesih pinesṭi kasengkakaké ana ing kaju salib, nganti nemahi séda. Lan saben wong kang pratjaja marang Pandjenengané, bakal kaparingan urip langgeng.”