Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/180

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

180

KORNÉLIUS

***

rerasan bab kaélokan sing dialami bendarané, déné karawuhan malaékaté Allah.

Déné Kornélius keprijé? .... Ora mung ṭenguk-ṭenguk ngenténi baliné kongkonané, nanging bandjur njuruhi sanak seduluré lan pawong mitrane, paḍa diklumpukaké lan ditjritani wahju sing mentas dideleng lan apa sing dipangandikakaké déning malaékat. Kornélius bandjur duwe panembung marang para tamuné mengkéné: „Para seḍèrèk, kinten-kinten tigang dinten malih kèngkènan kula mesṭinipun sampun mantuk sareng kalijan rasul Pétrus; pramila para seḍèrèk sami kula aturi nglempak malih wonten ing grija kula ngriki, perlu mirengaken ḍawuhipun Gusti Allah ingkang lantaran abdinipun.”

Panemuné Kornélius mengkéné: „Kabungahan sing daktampa iku ora mung kanggo aku ḍéwé, nanging ija kanggo wong kabèh sing paḍa ngabekti marang Allah.”

ÉSUKÉ, ing omahé Simon tukang kamus, sing ana ing pinggir segara, Pétrus minggah ing lotèng perlu ndedonga. Apa sing kelakon winginé ana ing omahé Kornélius, Petrus ora ngerti apa-apa.

Wajahé pinudju wajah beḍug awan, wajahé bangsa Jahudi paḍa ndedonga marang Gusti Allah.

Nalika semono Pétrus wis sawetara mangsa tindak saka Jerusalèm, nggelaraké Indjil ing désa-désa sakiwa-tengené Joppé, lan pamonḍokané ana ing Joppé ana ing omahé Simon tukang kamus. Marga saka piwulangé rasul Pétrus akèh wong sing mandjing pratjaja marang Gusti Jésus. Déné wong-wong sing paḍa nampani wulangané Pétrus iku kabèh kalebu bangsa Jahudi, dadi, wong-wong tunggal bangsa karo Pétrus, Stéfanus lan Saul. Wong kapir utawa wong lijan bangsa, sing ora kalebu umat Israèl, paḍa ora dirungoni bab pawarta kabungahan mau, malah dipikir baé ora.

Pétrus djèngkèng kaja adaté jèn ndedonga. Sarampungé ndedonga, arep muḍun manèh bandjur ḍahar, awit wis kraos luwé.

Sasuwéné Pétrus djèngkèng ndedonga, tumuli santun paningalé, kaja-kaja ningali langit pijak, lan ana rerupan katoné kaja ana lawon amba katalènan pontjoté papat tumurun saka ing langit, diuluri muḍun tekan ing bumi ing ngarsané Pétrus. Ing djero lawon mau katon ana kéwan warna-warna, kéwan darat sikil papat, buron alas lan kéwan rumangkang, apadéné manuk ing awang-awang, kéwan sing kalal lan sing karam diwor dadi sidji .... Apa ta karepé tetingalan sing mengkono iku?

Ing kono bandjur ana swara sing nḍawuhi: „Pétrus ngadega, njembelèha lan mangana!”

Panggalihe Petrus mengkéne: „Njembelèh lan mangan? Apa kelilan aku njembelèh kéwan iku?” Kewan sing ana ing djero lawon mau ana sing kalal lan ana sing karam, nanging awor dadi sidji, mulané sing kalal ketularan dadi karam, mesṭi ora kelilan dipangan wong Israèl.

Undjuké Pétrus: „Boten pisan-pisan, Gusti, awit kawula dèrèng naté neḍa saḍèngah punapa ingkang makruh utawi nadjis.” Swara mau bandjur nḍawuhi manèh: „Apa kang wus karesikaké déning Allah, iku sira adja ngarani makruh.” Swara mau nḍawuhaké pangandika nganti rambah ping telu, wosé supaja Pétrus ngertia, jèn ora kepareng ngarani makruh utawa nadjis apa sing wis diresikaké déning Allah. Sawisé mengkono rerupan lawon mau bandjur kaunggahaké manèh marang langit.

Pétrus tumenga ngawasaké menḍuwur, langité katon sumilak resik, nanging rerupan lawon ora katon, lan swarané wis ora ngandika manèh. Pétrus banget kuwur galihé, ora bisa njanḍak apa baja tegesé wahju sing ditingali iku mau. Nanging sing wis tjeṭa tumrapé Pétrus jaiku: swara lan rerupan mau pinangkané saka ing swarga, mengku pepéling sing wigati. Nanging pepéling apa? Apa saiki Pétrus wis kelilan mangan pangan sing mauné dianggep nadjis utawa karam? Apa mengkono kersané swara sing paring ḍawuh mau? Wah, mokal jèn mengkonoa! Nanging jèn ora, gèk apa tegesé pangandika lan rerupan mau?

KOTJAPA nalika Pétrus lagi kuwur galihé, ing ngarep régolé omah ana wong tjeluk-tjeluk arep ketemu karo wong sing asma Simon sing peparab Pétrus. Petrus diwisik Roh jèn ana wong telu sing paḍa arep ketemu, lan Pétrus kaḍawuhan nemoni lan mèlu wong mau. Wong telu sing teka ing kono iku kongkonané Kornélius.

Pétrus bandjur tumeḍak lan manggihi kongkonan mau, pangandikané: „Lah aku wonge kang kogolèki. Enggonmu paḍa mréné perlune apa?”

Kongkonan mau bandjur paḍa matur jèn kautus lurahé ngaturi Pétrus rawuh ing Késaréa, djalaran Kornélius, lurahé mau, kaparingan wangsité Allah lantaran malaékat, kakarsakaké mirengake pangandika sing bakal kalantaraké déning Petrus, samangsa wis rawuh ana ing omahé .... Pétrus ngungun banget miḍanget pratélané kongkonan mau. Apa Gusti Allah ngersakaké supaja abdine marani Kornélius, wong kapir, lan memulang ana ing ngarepé wong kapir bab Gusti Jésus, Sang Mesih, Putrane Allah? Allah iku rak mung Allahé Israèl, bangsa kang pinilih.