Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/131

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

PRADATA KANG BAU-KEPINÉ

131

ora sikep gegaman, enggoné marepeki Gusti Jésus patrapé kajadéné mitra uluk salam .... Nanging djebul mitra musibat, awit panutjupé mau mung kanggo tengeran marang kantja-kantjané supaja adja nganti kliru sapa sing kudu ditjekel. Wong sing watak lan lakuné tjidra mau ora lija ija mung sekabaté Gusti ḍéwé, jaiku Judas. Nanging Gusti Jésus bandjur ngandika: „Èh Judas, enggonmu ngulungaké Putrané manusa apa srana panutjup?" Wong-wong sing paḍa ngepung, bandjur ngebjuk arep njepeng marang Gusti Jésus. Saiki wis tjeṭa sapa wongé sing digolèki, djalaran sadurungé buḍal wis paḍa dikeṭik Judas mengkéné: „Endi kang daktjutjup ija iku wongé, tjekelen!”

Wong-wong mau paḍa didangu Gusti Jésus: „Kowé paḍa ngluru sapa?” Wangsulané sing didangu: „Jésus Nasarani!” Pangandikané Gusti Jésus: „Ija Aku iki!” Bareng paḍa dipangandikani mengkono mau, dumadakan wong-wong mau paḍa kaget, bandjur munḍur lan niba ing bumi.

Gusti Jésus bandjur ndangu manéh: „Kowé paḍa ngluru sapa?” Undjuké wong-wong mau: „Jésus Nasarani!” Ḍawuhé Gusti Jésus: „Aku wis tutur ing kowé ija Aku iki! Mangka menawa Aku kang koluru, wong kijé karebèn paḍa lunga.” Ing sadjeroné kinepung ing bebaja, Gusti Jésus isih ngeman lan ngreksa para sekabaté.

Wong-wong sing arep njepeng Gusti Jésus paḍa madju manéh, nanging Pétrus sing njekel peḍang, ora lila jèn Gustiné ngantia kagepok déning mungsuh, bandjur ngunus peḍangé disabetaké marang wong sing tjeḍak ḍéwé, temah kupingé tengen keperung; wong mau djenengé Malchus.

Nanging tandangé Pétrus mengkono ora ndadèkaké keparengé Gusti Jésus. Pétrus kaḍawuhan mrangkakaké peḍangé, awit apa sing kudu kelakon ora kena dialang-alangi. Jèn digagas, peḍangé Pétrus mau arep nggandra pira tumrapé wong sabregada sing paḍa sikep peḍang lan penṭung! Nanging jèn tekané mungsuh mau ora ndadèkaké keparengé Gusti, apa Pandjenengané ora kuwasa nekakaké wadyabala malaékat nganti pirang-pirang bregada kaḍawuhan ngamping-ampingi sarirané lan mbujaraké mungsuh! Éwadéné Pandjenengané ora kersa nindakaké sing mengkono mau, awit wis dadi kersa lan kasagahané nanḍang sangsara ing sakatogé karana saka geḍéning sih kadarmané. Kupingé Malchus mau bandjur kaasta, kawarasaké. Ing sadjeroné karibedan lan ing tengahé mungsuh, Gusti Jésus isih merlokaké mitulungi mungsuhé ....

Gusti Jésus bandjur ditjepeng lan dibesta, kaḍabjang menjang ing dalemé imam agung.

Nalika iku pangandikané Gusti Jésus marang para pangarepé imam lan para lurahé padaleman sutji sarta para pinituwa kang paḍa nglarag, ḍawuhé: „Apa enggonmu nglurug nganggo sikep peḍang lan penṭung kaja nglurugi bégal iku mung arep njekel marang Aku? Nalika Aku nunggal karo kowé saben dina ana ing padaleman sutji, kowé paḍa ora gumrageh tanganmu marang Aku; nanging ija iki waktumu lan pangwasané pepeteng.”

KEPRIJÉ para sekabat? Lan Pétrus? Wong-wong sing wis kelair kasaguhané jen bakal ora ketjuwan marang Gusti Jésus lan wis sabajapati arep nglabuhi Gustiné, bareng weruh Gusti Jésus diḍabjang lan bareng ndeleng tandangé wong-wong sing sikep gegaman, bandjur paḍa tjilik atiné, kabèh paḍa mlaju ninggal Gustiné pijambakan, tanpa rowang sidji-sidjia ana ing tengahé wong-wong sing paḍa ngarah sédane.

PRADATA KANG BAU-KEPINÉ

ING wajah bengi iku uga ana ing dalemé imam agung Kajafas pradatane bangsa Jahudi marepat; sing paḍa nglumpuk ana ing kono para imam lan para pinituwané bangsa, apadené para ulama; déné sing dadi pangarsa pradata Kajafas, kang djumeneng imam agung ing taun kang lagi lumaku; tumrapé bangsa Jahudi Kajafas iku abdiné Allah kang pinundjul.

Nanging isiné atiné keprije? ....

Polatané wong-wong mau katon sumringah gambira, nanging pantjerenging mripaté nelakaké jèn atiné ngenḍem sengit. Jèn njawang lairé pradata mau arep nindakaké pangadilan sing kentjeng lan djedjeg, nanging ing batine wis paḍa mateng rembugé: „Luput apa ora luput, adil apa ora adil, wong iku kudu disingkiraké! Wong-wong mau paḍa ndjinggleng mandeng marang wong bebandan sing diladèkaké ana ing ngarepé pradata, wong sing semuné wis tanpa daja lan ora suwala diroda-peksa. Kaja mengkono iku enggoné Gusti Jésus djumeneng ana ing ngarepé pradata Jahudi.

Rabbi saka Nasarèt, sing wis kedjuwara maha asih lan maha kwasané, saiki mesṭi ora bakal mrutjut saka ing pangregeming tangané. Luput apa ora luput, pradata ora perduli babar pisan, djalaran wong iku kudu disirnakake!

Wajahé isih bengi, jaiku bengi kang ngrinakaké Paskah. Nanging bareng para pangarepé imam lan para pinituwa dalah para ulama lijané paḍa keprungon jèn Gusti Jésus wis katjepeng lan kaḍabjang menjang ing dalemé imam agung, wong-wong mau enggal-