Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

WIJOSÉ SANG PAMARTA

15

Paturon kanggo njèlèhaké baji ija durung ana, mulané tlawah sing adaté dienggo makani kéwan, bandjur dilèmèki damèn dienṭa dadi paturon baji. Jusup lan Marjam mung tansah njawang bajiné mau, atiné kebak kabungahan lan katresnan, nanging ija kebak pakéring.

Sang Djabang Baji mau ing tembé bakal dadi Sang Djuru Slameté. Pawarta bab bakal wijosé Sang Djuru Slamet sing ditimbalaké déning Malaékat Djabraèl, wis dileksanani.

Prakara sing adi-aèng kelakoné klawan sesiḍeman. Sapa sing bakal ngerti?

KATJARITA nunggal sawengi iku uga ing ara-ara Éfrata wewengkon Bètlechèm, ana pangon sawetara paḍa nginep nuguri pepanṭaning kéwané, adja nganti kena kamangsa ing kéwan galak. Pangon mau paḍa ngrompol djedjagongan kaja adat saben, jèn mbeneri petengan.

Nanging dumadakan, ana tjahja gumebjar sumorot nelahi petengé wajah bengi, paḍangé ngasoraké soroting srengéngé. Para pangon entèk atiné, mripaté sanalika dieremaké djalaran keblerengen. Ing kono ana Malaékaté Pangéran djumeneng ana ing ngarepé, ngagem kamuljan kaswargan kang sarwa gumebjar.

Para pangon paḍa banget girisé, mung njipta jèn bakal ngalami prakara kang nggegirisi.

Nanging Malaékat mau bandjur ngandika, arum swarané, gawé kepénaking atiné sing paḍa ngrungu, pangandikané: „Adja wedi, lah, kowé paḍa dakwartani kabungahan geḍé, kang bakal tumrah marang saumat kabèh, jèn ing dina iki wus mijos Pamartamu, ija iku Kristus, kang djumeneng Gusti, ana ing negarané Dawud .... Déné kang minangka tengeran marang kowé mengkéné: Kowé bakal paḍa nemu baji kageḍong sumèlèh ana ing pamakanan ....”

Para pangon sing paḍa isih gumeter déning kagèt mau, klawan temen-temen nggoné paḍa ngrungokaké ḍawuhé Malaékat. Bareng wis pada njandak wosing ḍawuh, tumuli kagèté sirna sakala, kagentènan rasa bungah kaworan éram.

Apa paḍa ora salah pangrungu? Apa tememan Sang Mesih sing mijos ing bengi iku, Sang Mesih sing wis wiwit djaman kuna dianti-anti déning para leluhur? Ana ing negarané Dawud, ing Bètlechèm?

Kagawa saka kagumé njumurupi lelakon kang ngébat-ébati mau, para pangon kabèh paḍa sudjud kambi tumungkul sumungkem ing bumi, mangka pawarta kang mentas dirungu mau banget ndadèkaké gawok, nanging iya gambiraning atiné, senadjan durung pati tjeṭa pangertiné.

Lah dumadakan Malaékat kang sidji mau ana kanṭiné golongan bala swarga kang paḍa bebarengan memudji lan ngluhuraké Allah.

Ing wajah bengi iku uga, wajahé sepi wong, ana ing ara-ara djembar, para malaékat mau paḍa ngulukaké pamudji kondjuk marang Allah, swarané nganjut-anjut ngumanḍang adoh, ngungkuli sawernaning kekidungané para tumitah ing alam donja. Para malaékat mau paḍa memudji ngluhuraké sih palimirmané Allah, déné wis kepareng maringaké Kang Putra pijambak kang kinasih marang para manusa.

Apa manèh pangidungé para malaékat mau ija kanggo ngurmati Sang Djabang Baji kang mentas mijos ana ing kanḍang kéwan. Ratuné bala kaswargan mau tumeḍak saka ing swarga kang mulja menjang ing djagad. Pandjenengané ngagem sarira manusa awudjud djabang baji, marga déning geḍéning welas lan tresnané marang manusa, kang paḍa pinurih bisaa olèh karahajon kang sedjati.

Para malaékat mau ringkesé paḍa ngidungaké bab kaluhurané Allah, bab tentrem rahaju kang bakal tumurun ana ing atiné wong akèh, bab maha asihé Pangéran marang para manusa.

Pangidungé mau ngumanḍang ing saindengé djagad ngidungaké kabungahan kaswargan, uniné: „Pudji kondjuk ing Allah ana ing luhur, lan tentrem rahaju ana ing bumi ing antarané manusa kang sinelir!”

Nanging sing paḍa ngrungu kekidungan mau mung para pangon sing ana ing ara-ara.

Bareng para malaékat wis pada kondur menjang swarga, bareng ing ara-ara wis pulih njenjet lan peteng nḍeḍet manèh, bareng para pangon wis wani guneman manèh, bandjur paḍa nglairaké bungahing atiné lan paḍa adjak-adjakan tembungé: „Ajo, kantja, paḍa menjang Bètlechèm saiki baé, ndeleng apa sing mentas diḍawuhaké Malaékat mau.”

Para pangon ora ana sing duwé pamaido marang ḍawuhé Malaékat. Lakuné rerikatan rebut ḍisik, daja-daja énggala tekan ing kanḍang. Bareng wis tekan, sing katon ḍisik ḍéwé Marjam lan Jusup, bandjur Sang Djabang Baji, kageḍong, sumèlèh ana ing pamakanan, tjotjog karo pangandikané Malaékat.

Sang Djabang Baji, gumléṭak ing pamakanan, pinopokan ing gombal-gombalan, papa lan tanpa daja, luwih papa katimbang baji-baji lijané ing alam donja, ora katon mentjorong mawa praba, nanging para pangon mau ora taha-taha sudjud djèngkèng lan ngabekti ana ing ngarsané Sang Djabang Baji.

Para pangon paḍa pratjaja, jèn Sang Djabang Baji mau djumeneng Djuru Slameté, ija Ratu Gustiné, awit pantjèn djumeneng Sang Mesih, sing wis dianti-anti déning para leluhur wiwit djaman kuna mula.