Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/110

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

110

SAURUTING DALAN

***

ora kalal, djalaran asalé saka enggoné meres bangsané ḍéwé. Djuru mupu béja iku dadi buḍaké bangsa Rum, bangsa kapir, dipatah mupu padjegé bangsa Jahudi, nanging enggoné mupu padjeg mau diunḍakaké tikel tekuk. Patrapé sing mengkono iku ndjalari sugihé, nanging ija ndjalari awaké digeṭingi déning bangsané, malah dianggep dadi panunggalané wong dosa lan wong ala, didjabakaké saka ing pasrawungan .....

Sarèhné wis ngrumangsani asoring dradjaté, Zachéus ora wani nḍresel ing tengahé wong golongan, malah pangirané, Rabbi saka Nasarèt iku ija paḍa baé karo para ulama lan para imam, jèn kepeṭuk, mesṭiné ora bakal kersa ngaruh-aruhi kagawa saka éwané.

Zachéus énak-énak lungguh ing pangé wit, ing batin wis nemtokaké jèn saiki mesṭi bakal bisa ndeleng Gusti Jésus klawan tjeṭa. Senadjan akèh sing paḍa ngelokaké lan nggeguju patrapé, éwadéné Zachéus wis ora ngrèwès udjaring wong. Wis suwé enggoné ngrantam-rantam keprijé rékané supaja bisa ndeleng Guru sing pandamelé dadi potjapané wong akèh. Iba begdjané jèn nganti kelakon bisa njawang Sang Maha Guru, senadjana mung saka kadohan. Satemené Zachéus ora rumangsa begdja ketunggon ing banḍa akèh, kasugihané iku ora bisa nentremaké atiné. Zachéus kepéngin nggajuh sing ngungkuli banḍa kadonjan. Nanging keprijé bisané kelakon?

Kotjapa lakuné wong golongan wis njeḍaki panggonané Zachéus. Atiné ḍeg-ḍegan, sepisan iki mesṭi bakal bisa ndeleng marang Gusti Jésus, Zachéus wis mapan enggoné lungguh, tangané tjekelan pang supaja adja nganti tiba, mripaté awas nggolèki sing lagi dirubung ing wong akèh. Lah, kaé sing ana ing tengah, kaé mesṭiné sing disuwuraké dadi Guru saka Nasarèt. Atiné krasa lega déné saiki bisa ndeleng marang Gusti Jésus. Nanging dumadakan .... apa iki?

Sarawuhé Gusti Jésus ing panggonan kono, bandjur kèndel lan tumenga ningali Zachéus. Apa sebabé? .... Zachéus entèk atiné djalaran sumelang jèn pratingkahé mau ora ndadèkaké sardjuning panggalihé sing arep langkung sangisoring wit. Nanging bareng njawang pasurjané Gusti Jésus, atiné dadi ajem, djalaran ora ngetarani babar pisan jèn runtik galihé. Nanging Zachéus ora ngerti apa sebabé Gusti Jésus kèndel.

Gusti Jésus kèndel ana ing ngisor wit iku pantjèn mligi tumudju marang Zachéus, djuru mupu béja, sing didjabakaké saka ing pasrawungané bangsané, Pandjenengané pirsa apa sing ndjalari samaring atiné Zachéus, malah ija wis mireng pasambat sing sumengka saka ing telenging atiné .... Wong lija durung ana sing ngrungu, malah Zachéus ḍéwé ija durung nglairaké pasambaté nanging mungguh ing Gusti Jésus ora ana prakara kang samar .... Mengkono uga samobah-mosiking atiné Zachéus wis kapirsan kabèh.

Gusti Jésus kèndel sarta tumenga ningali Zachéus. Zachéus krasa jèn ditingali, nanging tingalé mau bisa gawé ajem lan tentreming ati. Ing kono Zachéus bandjur krungu jèn dipangandikani, tjeṭa pangrunguné: „Zachéus, diénggal muḍuna, sebab ing dina iki Aku perlu lèrèn ana ing omahmu.”

Gagasané Zachéus: „Ing omahku, omahé djuru mupu béja, wong dosa? Apa temenan Pandjenengané kersa rawuh ing omahku? ...” Zachéus bandjur muḍun rerikatan, mlaju mulih perlu tjetjawis enggoné arep nampani rawuhé Gusti Jésus, tamu agung sing ora dinjana-njana kersa rawuh ing omahé.

Wong golongan sing ngrungu pangandikané Gusti Jésus mau, paḍa pating kedumel, enggoné paḍa rerasan mengkéné: „Ing omahé djuru mupu béja, wong dosa, keprijé déné Pandjenengané kok kersa rawuh?” Wong golongan mau senadjana pating kedumel nggrundeli Gusti Jésus, ora wurung paḍa nḍèrèk nganti tekan ing omahé Zachéus, lan paḍa ngentèni ing djaba. Nanging Gusti Jésus bandjur lumebet ing omahé Zachéus sarta pinarak sawetara suwéné, apamanèh kersa nampani pasugatané Zachéus.

Ana ing ngarsané Gusti Jésus, Zachéus ngrumangsani banget enggoné nasar lakuné, uripé ing saben dinané mung tansah lumèngkèt karo piala, nanging ing samengko uga atiné ngrasakaké ajem lan tentrem, déné Gusti Jésus kepareng ngrawuhi omahé, malah kepareng imbal pangandika karo wong dosa lan wong urakan kaja awaké, Zachéus tumuli madju sarta mundjuk marang Gusti Jésus: „Gusti, lah sabarang gaḍahan kawula sepalih kawula sukakaken ḍateng tijang miskin. Sarta menawi wonten tijang ingkang kawula penḍeti punapa-punapanipun srana paékan, punika kawula wangsulaken tikel sekawan. „Gusti Jésus bandjur ngandika: „Ing dina iki omah kéné ketekan karahajon. Déné tekané Putrané manusa iku nggolèki lan mitulungi rahaju kang ketriwal.”

Iba senengé nampani pangandika kang mengkono iku. Wong-wong lijané bisa uga ora ngerti karepé, nanging Zachéus wis bisa njanḍak kersané Gusti Jésus. Zachéus rumangsa begdja lan rahaju, djalaran dosané kabèh kaapura. Atiné saiki wis ora ngangah-angah manèh marang banḍa lan kasugihan, djalaran saiki wis kaparingan banḍa sing adjiné ngungkuli sakèhing radjabrana ing donja, jaiku tresna marang Allah. Iku kang dadi karahajoning uripé, langgeng ing salawas-lawasé.