Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/111

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

MARJAM KELAIR TRESNANÉ LAN JUDAS NGENDEM SENGIT

111

SAWISÉ lelakon iku mau Gusti Jésus ngladjengaké tindaké, kaḍèrèkaké ing wong golongan. Dalané majat munggah menjang ing Bètani, saja suwé saja tjeḍak karo Jerusalèm. Gagasané wong-wong sing paḍa ndèrèkaké Gusti Jésus: „Saja tjeḍak karo Jerusalèm, saja tjeḍak karo kamuktèn lan kawibawan, samangsa Gusti Jésus sida djumeneng Ratu lan aku paḍa kepareng dadi abdiné!

Nanging ora mengkono panggalihé Gusti Jésus: „Saja tjeḍak karo Jerusalèm, saja tjeḍak karo sangsara lan pati!” Éwadéné Gusti Jésus enggoné tindak katon ajem baé. Pandjenengané rumaos jèn kedah ngemban ḍawuh karsané Kang Rama lan iku kang gawé ledjaring galihé. Pandjenengané nemaha murugi kasangsaran kagawa saka geḍéning sihé marang manusa, djalaran Pandjenengané sagah njanggi paukuman sing beneré kudu disangga déning manusa dosa. Pandjenengané tindak menjang Jerusalèm lan wekasané Pandjengané bakal olèh kaunggulan, apadéné ija bakal djumeneng Ratu agung binaṭara, ngungkuli sakèhing ratu ing donja.

Apa sing arep kelakon ing Jerusalèm mengko iku béda banget karo sing diangen-angen ing wong golongan. Wong-wong mau paḍa ora ngerti, jèn Pandjenengané, kang djumeneng Djuru Slameté, kedah nglangkungi marganing sangsara kang ngener menjang kamuljan. Bésuk ing tembé wong-wong mau lagi paḍa bisa ngerti!

MARJAM KELAIR TRESNANÉ LAN JUDAS NGENḌEM SENGIT

KATJARITA, nalika Gusti Jésus rawuh ing désa Bètani, ing omahé Simon saraat, jaiku Simon sing wis tau nanḍang lara saraat, nanging wis disarasaké, ing kono Pandjenengané disaosi ḍahar, bareng karo para sekabat lan tamu lijané, kajata: Marjam lan Martha, apadéné Lasarus sing ditangèkaké saka ing antarané wong mati.

Gusti Jésus pinarak ana ing kono, diladosi para mitrané sing paḍa bungah-bungah djalaran Pandjenengané kepareng ana ing tengahé. Kabèh sing paḍa ana ing padjagongan katon bungah lan warna-warna patrapé enggoné nglairaké katresnan marang Pandjenengané.

ÉWADÉNÉ swasana sing ngemu rasa seneng lan gambira, meksa ketlusuban ing rasa seḍih lan prihatin.

Marjam, sing mèlu lungguh ana ing kono, wis suwé ngingetaké marang Gusti Jésus, nanging enggoné mèlu bungah-bungah djalaran karawuhan ing Gustiné, meksa kaworan ing seḍih. Wong-wong lijané bisa ngrasakaké kabungahan, mbokmenawa ora mikir apa sing bakal kelakon ingatasé Gusti Jésus. Nanging Marjam ora bisa lali-lali jèn kurang seḍéla engkas bakal ana lelakon sing njeḍihaké, awit Pandjenengané bakal nemahi séda. Mulané saiki mumpung ketudju waktuné, Marjam arep nglairaké sepira geḍéning sih katresnané marang Gusti lan Guruné. Marjam ngadeg, bandjur ngglenes metu. Ora antara suwé bali manèh nggawa gendul isi lenga djebad sing larang banget regané. Alon-alon Marjam njelaki Gusti Jésus, lengané djebad bandjur diesokaké ing mastakané Gusti Jésus: Marjam rumangsa begdja lan bungah banget déné isih bisa nélakaké geḍéning katresnan lan pakéring marang Guruné sadurungé ngalami séda. Senadjan atiné bungah, éwadéné meksa kaworan seḍih jèn ngélingi sangsara sing bakal nempuh Pandjenengané, Marjam bandjur sudjud ing sampéjané Gusti Jésus, saking seḍihé nganti nètès eluhé, bandjur diusapi nganggo rambuté .... Para tamu enggoné paḍa ḍahar kepeksa kèndel, kabèh pada njawang pratingkahé Marjam. Akèh sing paḍa ngalembana marang lekasé Marjam enggoné saos pakurmatan marang Gusti Jésus. Gandaning djebad wangi ngambar-ambar ngebaki saguṭeké omah kono.

Déné Gusti Jésus pijambak banget kepranan ing galih nampèni pakurmatané Marjam.

NANGING kotjapa, pratingkahé Marjam mengkono mau ora ndadèkaké panudjuning atiné salah sawidjining sekabat sing aran Judas. Judas njipati ḍéwé apa sing ditindakaké déning Marjam. Lenga djebad sing akèh adjiné ora éman-éman disuntak ana ing mastakané Gusti Jésus. Udjaré Judas: „Djebad iku jagéné teka ora diedol, paju telung atus dinar, kena didanakaké marang wong miskin?” Udjaré Judas mengkono iku ing semu pantjèn bener. Wong-wong sing ngrungu udjar mau akèh sing manṭuk-manṭuk mbeneraké Judas. Nanging udjar mau pantjèn mung semu lan tata-lair baé. Gusti Jésus kang mirsani ing sadjeroning atiné wong, ija mirsa apa sing aling-alingan ing saburining semu. Ing semu Judas iku ambek welasan, tansah ngélingi marang wong miskin, nanging sadjatiné Judas iku atiné tjeṭil lan ambek tjulika. Judas iku kapasrahan njekel kanṭong ḍuwit. Jèn kepetuk karo wong pepriman, sing kadjibah ngulungaké dana iku Judas. Enggoné duwé udjar mengkono iku pantjèn ana pamrihé, jaiku supaja olèha alem saka wong akèh lan saka Gusti Jésus .... Nanging Gusti Jésus mirsa tjulikaning atiné. Saupama lenga djebad mau diedol, pepajon telung atus dinar iku ora kok bakal mligi