Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/108

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

SAURUTING DALAN

109

warna, nanging sing diadjak ngandikan mung para prijagung lan panggeḍéné kuṭa kono; déné wong tjilik, wong miskin lan asor, turuné wong pidak-padarakan, ora kotjap babar pisan ana ing ngarsané tamu agung, djalaran ora wanuh lan ija ora ditepangaké, apamanèh ora ngerti apa sing dadi osiking atiné wong akèh ....

Kosokbaliné Gusti Jésus, samangsa Pandjenengané rawuh ing sawidjining kuṭa, Pandjenengané pirsa mobah-mosiké wong lan ora kasamaran marang pasambat lan pangaḍuh sing tumuwuh ana ing atiné wong tjilik, mangka Pandjenengané tansah madosi panunggalané wong sing nanḍang sangsara lan kaniaja ....

KOTJAPA nalika tindaké Gusti Jésus wis tekan ing satjeḍaké kuṭa Jericho, ana wong pitjak lungguh nḍéprok ing pinggir dalan pepriman, wong mau arané Bartiméus. Saben dina Bartiméus lungguh ana ing kono, tangané njaḍong ndjaluk siḍekahé wong liwat sing loma atiné, nanging saiki .... sapa sing arep nggatèkaké wong ngemis ing pinggir dalan, wong pitjak lan mlarat, tjala ina lan papa? Saiki .... kabèh paḍa mindeng nḍèrèkaké tindaké Rabbi saka Nasarèt, sing bakal djumeneng Ratu ing Jerusalèm.

Bartiméus bareng krungu sabawané wong golongan gumrudug liwat_ing ngarepé, bandjur takon ana apa. Ana wong sing gelem nganḍani, jèn iku Jésus Nasarani kang langkung.

Ing kono Bartiméus bandjur nguwuh-uwuh seru, undjuké: „Ḍuh Jésus teḍakipun Dawud, kawula mugi Tuwan welasi!” Wong-wong sing ana ing tjeḍaké bandjur njenḍu, udjaré: „Hus , meneng! Adja ngrusuhi Gusti! Pandjenengané saiki tjalon Ratuné wong Jahudi, lagi tindak menjang Jerusalèm!” Nanging Bartiméus malah saja nemen panguwuhé: „Ḍuh teḍakipun Dawud, kawula mugi Tuwan welasi!” Senadjan swarané kesilep déning gederé wong golongan, éwasemono ora kanḍeg enggoné nguwuh-uwuh, malah saja seru. Bartiméus wis kerep ngrungu tjrita bab Gusti Jésus, Rabbi saka Nasarèt, sing bisa ngelèkaké mripaté wong pitjak .... Bokmenawa saiki lagi tumbuk begdjané Bartiméus, dalan panggonané nḍéprok dilangkungi Gusti Jésus, mangka atiné wis suwé enggoné kepéngin njuwun pitulungan .... Senadjan swarané Bartiméus mung lamat-lamat kepireng ing talingané Gusti Jésus, éwasemono Pandjenengané kepareng kèndel, djalaran sing dipireng ora mung swaraning tjangkemé, dalah swaraning atiné Bartiméus sing kebak pangaḍuh ija wis kapireng ing Pandjenengané.

Bareng Gusti Jésus kèndel, wong golongan ija kanḍeg lakune, para pangarepé bangsa lan para panggeḍé sing paḍa metu saka ing kuṭa Jericho meṭukaké Gusti Jésus, kabèh paḍa manḍeg kepéngin weruh enggoné Gusti Jésus ngandikan karo wong ngemis, wong tjala ina lan papa, Gusti Jésus bandjur ḍawuh nimbali marek Batiméus. Sawisé ngrutjat djubahé, bandjur gurawalan ngadeg sarta katuntun marek marang ngarsané Gusti Jésus. Pangandikané Gusti Jésus: „Karepmu dakkapakaké?” Bartiméus ora bisa njawang Gusti Jésus, nanging kupingé bisa ngrungu swaraning pangandika kang mengku sih kawelasan. Grojok aturé Bartiméus: „Ḍuh Gusti, kawula mugi sageda ningali.” Ḍawuhé Gusti Jésus: „Dibisa ndeleng; pangandelmu kang mitulungi kowé.” Paḍa sanalika mripaté bjar paḍang, djagad lan saisiné katon tjeṭa gumelar ana ing ngarepé .. Lan ing satengahé wong golongan Bartiméus njawang Prija sidji, sing mentas mbirat tjatjading awaké, sing wis dirungu wartané jèn tansah ḍangan ing panggalih maringi pitulungan marang wong papa lan sangsara. Pandjenengané iku kang bakal tansah diḍèrèk ing satindaké. Atiné Bartiméus kebak suka sokur marang Allah, déné wis marengaké bisa sowan ing ngarsané Gusti Jésus, bisa ngalami kabegdjan ana ing uripé. Saiki atiné mantep enggoné pratjaja marang Sang Djuru Slamet. Bareng Gusti Jésus ngladjengaké tindaké, Bartiméus ora gelem kari, klawan bungah nḍèrèkaké tindaké ana ing dalan.

KATJARITA bareng Gusti Jésus lumebet ing kuṭa Jericho, nratas tindaké.

Ing kono ana wong sugih aran Zachéus; nalika Gusti Jésus rawuh ing Jericho, Zachéus enggoné arep ndeleng Gusti Jésus dilakoni mènèk ing wit djaitun ing pinggir dalan sing arep dilangkungi. Keprijé nalaré kok dadi mengkono?

Zachéus iku wong sugih, omahé betjik lan geḍé, praboting omah sarwa pèni, éwasemono kelakon mènèk ing wit lan lungguh ana ing epang kaja botjah tjilik. Mulané nganti dilakoni mengkono, djalaran saka kepénginé ndeleng marang Gusti Jésus kaja apa wudjudé, nanging ora bisa, marga saka tjènḍèking dedegé, temah tansah kaling-kalingan ing wong akèh. Sadurungé Gusti Jésus langkung ing kono, Zachéus wis lumaju nḍisiki, bandjur mènèk ing wit. Enggoné nglakoni mengkono, djalaran kepeksa déning kaanan, awit saupama arep nḍresel ing antarané wong akèh, Zachéus kuwatir mbokmenawa dielokaké lan disingkang-singkang ing wong akèh. Wong ing Jericho kabèh wis paḍa ngerti marang Zachéus, djuru mupu béja sing sugih, nanging kasugihané mau, djaréné wong akèh,