Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/107

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

108

SAURUTING DALAN

***

ngésahaké dosa, sarana njanggi sakèhing paukuman kang tumudju marang saumat kabèh, pamurihé supaja mulihaké karukunan ing antarané djagad lan swarga, ing antarané manusa lan Allah. Gusti Jésus pijambak wis sagah njanggi sakèhing sangsara sing beneré kudu disangga déning manusa marga saka dosané. Wong sidji njulihi wong akèh.

Pangandikané Kajafas iku njata, malah meḍaraké pametja. Enggoné djumeneng imam agung iku kagem lantaran déning Allah nglairaké pametja ingatasé Gusti Jésus. Nanging Kajafas ḍéwé ora ngerti jèn mung kagem lantaran; déné kelairing pangandikané mau saka ing atiné sing ngenḍem sengit marang Gusti Jésus, daja-daja énggala sirna sing dadi klilipé.

Wiwit nalika iku ana ḍawuh, sapa-sapa sing weruh papan dunungé Gusti Jésus, kudu nglapuraké marang para imam, supaja énggal kaleksanan kaja sing dadi putusané Sanhédrin. Lan iku ora let suwé ija bakal kaleksanan temenan.

Ing kono bakal tumeka ing waktuné Gusti Jésus kaulungaké marang tangané wong dosa, kaja sing wis asring dipangandikakaké marang para sekabaté. Lan ing kono Pandjenengané bakal sida nglampahi séda. Wong sidji dadi tawur krana wong akèh!

SAURUTING DALAN

SAIKI wis ndungkap waktuné, nanging ora ana wong sing weruh lan ora ana sing ngerti.

Mung Gusti Jésus pijambak kang mirsa apa kang bakal kelakon ing imbangé pagunungan ing negara Jerusalèm. Lan ija mung Pandjenengané pijambak kang ngerti, apa sebabé kudu kelakon mengkono. Ewadéné Pandjenengané babar pisan ora geter, senadjan wis mirsa jèn sing bakal kelakon iku nggegirisi banget.

Saiki Pandjenengané tindak menjang ing Jerusalèm, nglangkungi lembah Jardèn nratas kuṭa Jericho liwat ing pagunungan. Tindaké Gusti Jésus ngener ing séda ngambah ing marga-laja!

KATJARITA nalika semono dalan geḍé sing nradjang lembah Jardèn katon ramé banget. Wong lanang wadon, nom tuwa saka ing désa ngadésa sauruté kali Jardèn, paḍa bebarengan mlaku ngenér menjang ing Jerusalèm, djalaran wis ngarepaké rijaja taunan sing geḍé ḍéwé, jaiku rijaja Paskah.

Mengkono uga Gusti Jésus dalah para sekabat njarengi lakuné wong golongan sing paḍa bebarengan munggah menjang ing Jerusalèm, saka ing lembah Jardèn.

Wong golongan mau sing akèh asalé saka ing djadjahan Galiléa, tepangané Gusti Jésus, mulané wis paḍa ngerti bab pandamelé kang sarwa élok. Wong-wong mau paḍa rerasan jèn saiki wis ndungkap waktuné, malah mbokmenawa mengko mbarengi rijaja Paskah ing Jerusalèm, Pandjenengané bakal djumeneng Ratu, bandjur njirnakaké bangsa Rum ....

Ratune bangsa Jahudi! .... Tetembungan mengkono iku wis dadi kembang lambéné wong akèh, saben wong kepeṭuk karo Gusti Jésus, bandjur mbisiki kantjané: „Kaé lo Ratuné bangsa Jahudi!” Paraning panjawangé wong akèh ngener marang Gusti Jésus, lan kabèh paḍa wedi sarta éring marang Pandjenengané.

Nanging kotjapa .... sing digaḍang-gaḍang djumeneng Ratu keprijé? Pandjenengané nimbali marek para sekabaté, bandjur diḍawuhi mengkéné: „Aku lan kowé paḍa menjang ing Jerusalèm, lan Putrané manusa bakal diulungaké marang para pangarepé imam lan para ulama, tumuli dipatrapi paukuman pati, sarta diulungaké marang para wong kapir, supaja dipojoki lan disapu tuwin disalib, .... lan ing telung dinané bakal katangèkaké! ....”

Lo, Gusti Jésus saiki kok ngandikakaké manèh bab enggoné bakal nanḍang sangsara lan séda, malah luwih tjeṭa katimbang sing wis dipangandikakaké. Nanging bokmenawa pangandikané mau aḍapur sanépa utawa pasemon. Rak éman banget ta, saupama saiki Pandjenegané bandjur séda, mangka beneré kudu djumeneng Ratu! Para sekabat babar pisan paḍa durung bisa njanḍak apa perluné Gusti Jésus rawuh ing djagad, luwih manèh wong golongan sing paḍa arep ngrijajakaké Paskah.

„Kaé lo Ratuku!” mengkono udjaré wong akèh, lan para sekabat ija paḍa seneng nirokaké udjaré wong akèh mau ....

Lakuné wong golongan wis tjeḍak karo Jericho, kuṭa kang misuwur kurmané. Pawarta bab rawuhé Gusti Jésus wis sumebar ing kono, mulané wong-wong Jericho gumrudug paḍa meṭukaké rawuhé, djalaran kepéngin weruh Pandjenengané.

SAUPAMA ana ratu lijan negara rawuh ing sawidjining kuṭa, tamu agung mau rawuhé mesṭi disaosi pakurmatan geḍé, para prijagung paḍa meṭukaké ing sadjabaning kuṭa, bandjur njarengi tindaké mlebu ing keḍaton, ing sauruting dalan rèntèp wong paḍa nonton, ramé swarané wong paḍa surak-surak.

Tamu agung mau enggoné nglangkungi wong-wong sing paḍa nonton mung sakeplasan, bandjur terus mlebu ing keḍaton .... Sing dipireng akèh lan sing ditingali ija warna-