Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/104

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

LASARUS MATI KATANGÈKAKÉ

105

lèhé Lasarus nganti tekan djaman kijamat.

O, mesakaké temen Marjam lan Martha! Wong sadésa Bètani paḍa nglajat kabèh; warna-warna patrapé enggoné nélakaké béla sungkawa. Nanging kaprihatinané Marjam lan Martha ora bisa lipur. Omahing katentreman sing asring dirawuhi Gusti Jésus, saiki dadi omah palajatan. Wis olèh patang dina enggoné paḍa nanḍang prihatin, nanging Gusti Jésus durung katon rawuh.

Nanging ing patang dinané ana kang nggawa warta jèn Gusti Jésus rawuh ing Bètani. Bareng ngrungu jèn Gusti Jésus mlebu ing désa, Martha bandjur énggal-énggal meṭukaké tindaké, nanging Marjam kari ḍelog-ḍelog ana ing omah, gela banget déné rawuhé Gusti Jésus wis kasèp. O, rawuhé kok ora ḍèk wingi-wingi ing sadurungé Lasarus mati!

GUSTI Jésus wis ngantjik ing wilajahé désa Bètani. Tindaké sarèh, kaja-kaja ora ana prakara sing gawat. Ing sadalan-dalan ngandikan karo para sekabat lan murid-murid lijané kaja adaté. Gusti Jésus ora tau kesesa tumandang ing damel, djalaran Pandjenengané pirsa ing sadurungé winarah.

Nalika kongkonan saka Bètani marek ana ing ngarsané sarta mundjuk: „Gusti, samangké kekasih Tuwan sakit.” Gusti Jésus ora kedjot. Ḍawuh wangsulané Gusti Jésus nélakaké ajem lan tentreming galihé, pangandikané: „Larané iku ora tumeka ing pati, nanging tumeka ing kaluhurané Allah ....” Senadjan wis diaturi rawuh ing Bètani, Gusti Jésus isih lereb rong dina ana ing laladané kali Jardèn. Sawisé mengkono bandjur ngandika marang para sekabat: „Pajo paḍa menjang ing tanah Judéa manèh.”

Menjang ing tanah Judéa? Menjang ing wewengkoné negara Jerusalèm, ing panggonane para ulama sing paḍa arep mbenturi watu Gusti Jésus? Apa arep ngetrepi uniné bebasan: kutuk marani sunduk? .... Para sekabat paḍa kagèt ngrungu pangandikané Gusti Jésus mengkono iku. Tumrapé Gusti Jésus tindak menjang ing tanah Judéa iku rak kena diarani ndjarag marang rerubed lan katjilakan. Mangka Lasarus ija ora kudu tumuli ditulungi, awit Gusti Jésus wis ngandika marang kongkonan saka Bètani, jèn larané iku ora tumeka ing pati, dadi mesṭiné Lasarus bakal mari karepé ḍéwé. Para sekabat babar pisan ora ngerti bab patiné Lasarus lan bab kasusahan sing ana ing Bètani. Sing nguningani iku mung Gusti pijambak, nanging pangandikané: „Lasarus, mitra kita, lagi turu, nanging Aku mrana bakal nggugah enggoné turu.”

Para sekabat bandjur paḍa matur: Gusti, menawi tilem, baḍé saras. Menawi mekaten rak boten perlu tindak ḍateng Judéa, awit ingrika kaṭah bebajanipun!” Para sekabat ora bisa njanḍak sing dadi pangandikané Gusti Jésus, mulané bandjur diblakani supaja paḍa ngertia anané lelakon sing njeḍihaké, ḍawuhé: „Lasarus wis mati! Mangka Aku bungah ..!” Sanalika para sekabat paḍa kagèt banget ngrungu jèn Lasarus wis mati, mangka Gusti Jésus ngétja-étja lereb ana ing tanah kono nganti rong dina suwéné. Lan sing nggumunaké manèh, déné swarané Gusti Jésus ora ngetarani jèn seḍih, malah kelair pangandikané: „Aku bungah .... bab ing ngatasé kowé déné mau Aku ora ana ing kana, supaja kowé paḍa pratjajaa; nanging pajo paḍa mrana! Gusti Jésus bandjur énggal samekta ing tindaké menjang Bètani, kaḍèrèkaké para sekabat, ngliwati dalan sing rumpil munggah meḍun pepunṭuk.

Para sekabat sing mauné paḍa wedi ngambah tanah Judéa, bareng paḍa weruh jèn Gusti Jésus buḍal, ija paḍa ora gelem kari. Tomas kanḍa marang kantjané para sekabat: „Pajo paḍa nḍèrèk béla mati.” ....

Lakuné saiki wis ngantjik wewengkoné désa Bètani.

SAKA ing désa kono ana wong wadon meṭukaké sing lagi paḍa rawuh, polatané katon suntrut, ngetarani jèn atiné kebak kaprihatinan. Wong mau Martha, sing ora sabar ngentèni nganti sarawuhé Gusti Jésus ana ing omahé. Gusti Jésus mirsani Martha klawan banget welasé. Undjuké Martha: „Gusti, menawi Tuwan wontena ingriki, saḍèrèk kawula mesṭi boten èstu pedjah.” Pangandikané Gusti Jésus: „Sadulurmu bakal tangi manèh!” Nanging Martha durung bisa njanḍak tegesé pangandika mau, mulané atiné isih seḍih. Bakal tangi manèh? O, Martha ija ngandel jèn bésuk kijamat ing dina wekasan kabèh wong sing wis paḍa mati bakal ditangèkaké manèh lan Gusti Allah bakal nindakaké pangadilan: ana sing dilebokaké ing kamuljan langgeng lan ana sing katjemplungaké ing naraka .... Nanging saiki, patangèning raga ing djaman wekasan iku ora bakal mulihaké Lasarus kaja wingi-wingi.

Gusti Jésus bandjur ngandika manèh: „Aku iki djatiné kijamat lan kauripan. Wong kang pratjaja marang Aku iku bakal urip, sanadjan wusa mati.” Undjuké Martha: „Inggih Gusti, kawula sampun pitados bilih Tuwan punika Sang Kristus, Putranipun Allah.” Polatané Martha saiki wis katon bungah, atiné wis ledjar; pantjèn Martha wis ora gadjeg-gadjeg atiné mungguh ing Gusti Jésus, Pandjenengané iku kang djumeneng Sang Mesih, Djuru Slameté djagad; Pandjenengané iku maha welas lan maha kuwasa, bisa ngledjaraké