Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/105

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
„LASARUS, METUA!”

atiné wong seḍih, malah bisa maringi karahajon samengko ana ing donja, lan ing tembé ana ing swarga. Bareng Martha wis ngrasa jèn Gusti Jésus saiki ana ing satjeḍaké, apa perluné isih nandang seḍih lan kuwatir?

Sawisé mundjuk mengkono mau, Martha bandjur mundur arep ngundang Marjam, sing isih kari ana ing omah. Marjam bandjur dibisiki: „Guru wis rawuh, nimbali kowé.” Marjam bareng ngrungu bandjur ngadeg marani menjang ing ngarsané Gusti Jésus bareng karo Martha.

WONG-WONG sing paḍa lagi nglajat ana ing omahé, bareng weruh Marjam maknjat ngadeg sarta metu, bandjur paḍa ngetutaké lakuné .... Pangirané wong-wong mau parané Marjam menjang ing kubur arep nangis ana ing kono, mulané ngetut buri arep ngétokaké enggoné paḍa béla sungkawa. Nanging Marjam lan Martha ora menjang ing kubur; lakuné arep meṭukaké Gusti Jésus.

Gusti Jésus mirsani tekané Marjam lan Martha ditut-buri wong akèh, Pandjenengané ija mirsa Marjam lan Martha sing paḍa kembeng-kembeng eluhé, mratanḍani geḍéning kaprihatinan sing ana ing atiné, mengkono uga mirsa kaprihatinané wong akèh sing paḍa béla sungkawa. Bareng Gusti Jésus mirsa Marjam njungkemi sampéjané kambi nangis lan wong Jahudi kang ngetutaké ija paḍa nangis, ing kono Gusti Jésus bandjur rengu ing batos lan aruhara ing galih, kaprihatinané wong akèh mau karaos-raos ana ing galihé pijambak. Gusti Jésus bandjur ndangu: „Enggonmu ngubur ana ing endi?” Kang kadangu paḍa mundjuk: „Sumangga Gusti, Tuwan tingali.” Sarawuhé ing pakuburan, Gusti Jésus muwun ngedalaké waspa. Gusti Jésus bareng djumeneng ing ngarepé kuburé Lasarus, aḍapur guwa katutupan ing watu, kawistara enggoné rengu ing batos. Tjlaṭuné wong Jahudi: „Lah saiba enggoné ngasihi. „Nanging ana manèh sing duwé udjar mengkéné: „Kang wis ngelèkaké mripaté wong pitjak, apa mauné ora bisa uga murungaké patiné wong iki?” Nanging ora ana sidji baé sing bisa mbaḍé apa sing arep ditindakaké Gusti Jésus saiki!

Gusti Jésus pirsa — lan iki sing ndjalari Pandjenengané rengu ing batos — jèn mula bukané ana pati ing djagad iku marga saka anané dosa. Mangka sing kuwasa ngasoraké pati iku mung Pandjenengané pijambak. Saiki Pandjenengané arep nedahaké pangwasa lan kaluhurané Allah ana ing ngarepé wong akèh. Pangandikané Gusti Jésus: „Watune singkirna!” Martha kagèt, bandjur énggal mundjuk: „Sampun, Gusti, sampun mambet, margi sampun angsal kawan dinten.” Nanging Gusti Jésus bandjur tumenga sarta ndedonga, matur marang Allah Sang Rama kang ana ing swarga.