Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/100

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

GUSTI JÉSUS MBERKAHI BOTJAH-BOTJAH

101

ISIH ana manèh tjarita pasemon sing dipangandikakaké Gusti Jésus minangka piwulang marang wong akèh mungguh keprijé tjarané enggoné paḍa ndedonga.

Ana wong loro paḍa munggah menjang padaleman sutji arep sembahjang. Kang sidji Farisi, sidjiné djuru mupu béja.

Wong Farisi mau mlebuné ing padaleman sutji kétok nglangak olèhé mlaku. Sapa-sapa sing weruh, mesṭi ngarani, jèn wong sing arep sembahjang iku wong sing ngibadah, sing netepi angger-angger lan saraking agama. Wong mau ndjudjug panggonan sing aḍakan, supaja gampang kaweruhan ing wong akèh. Saburiné wong Farisi mau ana wong lijané sing mèlu mlebu ing padaleman sutji, wong sing ora bisa mamèraké kamursidané kajadéné wong Farisi, djalaran mung djuru mupu béja, wong sing wis dilunaké wong dosa. Jèn wong Farisi mlebu ing padaleman sutji iku wis samesṭiné, djalaran wong mursid lan resik lakuné, nanging bareng djuru mupu béja, apa perluné mlebu menjang padaleman sutji? Wong Farisi mung mèsem weruh djuru mupu béja ana ing padaleman sutji ....

Wong Farisi mau sawisé mapan ngadeg, bandjur wiwit sembahjang, swarané tjeṭa, mengkéné: „Ḍuh Allah, kawula sokur ḍumateng Tuwan, déné kawula punika boten kados tijang sanès, tijang ngalapgang, tijang nganiaja tijang bandrèk, utawi kados djuru mupu béja punika. Kawula punika saèstu tijang mursid. Penḍak wolung dinten kawula sijam kaping kalih, senadjan miturut angger-angger namung kaḍawuhan sijam sepisan ing dalem sataun. Sadaja angsal-angsalan kawula punika kawula djakati, saprasedasanipun kawula pisungsungaken ḍateng padaleman sutji.”

Mengkono iku undjuké wong Farisi marang Allah. Nanging satemené undjuk mengkono iku dudu wudjuding pandonga, djalaran mung tansah mamèraké kabetjikané ḍéwé. Mangka Gusti Allah éwa banget marang tetembungané wong udjubrija.

Balik djuru mupu béja mau, sarèhné rumangsa jèn nisṭa lan asor, enggoné mlebu ing padaleman sutji karo nḍekukul sirahé, semoné kaja wong wedi lan isin sowan ing dalemé Allah. Enggoné ngadeg ana ing kadohan, adoh saka panggonané wong Farisi, ora katon ing wong akèh, ana ing papan sing kiwa. Enggoné sembahjang béda banget karo wong Farisi sing nganggo tembung-tembung pilihan lan mamèraké kabetjikané, awit sembahjangé mung awudjud pasambat ....

Djuru mupu béja mau ora wani nḍangak tumenga ing langit, mung tebah-tebah ḍaḍa, awit wis ngrumangsani sepira geḍéning dosané, mangka Allah mesṭi nguningani sakèhing pialané. Mulané nganḍut seḍih lan wedi, awit pantesé mung kudu nampani paukuman. Klawan wedi enggoné mundjuk marang Allah, mengkéné: „Ḍuh Allah, kawula tijang dosa, mugi Tuwan welasi.” Sembahjangé mung awudjud pasambat njuwun kawelasan, njuwun pitulungan ing sadjeroning kasangsarané. Dosa lan pialané gawé girising atiné, temah wekasané ngungsi marang ngarsané Allah. Mengkono pandongané djuru mupu béja, nanging pasambaté kapijarsakaké, djalaran Gusti Allah ora nampik pandongané wong kang anḍap-asor. Djuru mupu béja mau, sing dilunaké dadi wong dosa, saunduré mulih klawan tentrem rahaju, awit dosané kaapura, temah sirna was sumelanging atiné. Kabungahané iku peparingé Allah karana geḍéning sihkamirahané, kaparingaké klawan lalahan.

PANGANDIKANÉ Gusti Jésus: „Sapa wong kang ngluhuraké awak, iku bakal diesoraké, lan sapa kang ngesoraké awak, bakal diluhuraké.” Mengkono enggoné Gusti Jésus maringi piwulang marang wong akèh, supaja paḍa ndedongaa klawan ngesoraké awak, lan paḍa njumurupana ing dosa lan pialané ḍéwé-ḍéwé.

Awit Gusti Allah nglawan wong kang paḍa angkuh tjiptaning atiné, nanging nandukaké palimirma marang wong anḍap-asor.

GUSTI JÉSUS MBERKAHI BOTJAH-BOTJAH

ING sawidjining dina ana wong wadon sawetara paḍa njowanaké botjah-botjah marang ngarsané Gusti Jésus supaja paḍa diasta. O, muga-muga Gusti Jésus keparenga ing galih numpangaké astané ana ing anak-anaké, lan maringi berkah ...., saiba begdjané! Mengkono gagasané para ibu, sing paḍa ngusil-usilaké anak-anaké sing ditresnani. Nanging bareng paḍa njeḍaki Gusti Jésus lan lagi baé arep ngulungaké anaké, para sekabat bandjur paḍa ngalang-alangi kakarepané wong-wong mau, paḍa disrengeni: „E, sanak, mbok sampéjan sampun ngresahi Gusti Jésus! Sampéjan bekta késah saking ngriki anak-anak sampéjan niku! Wonten perlunipun punapa laré-laré alit sami sowan ing ngarsanipun Gusti, rak namung baḍé ngribedi kémawon.”

Pantjèn jèn digagas tjara lumrah, para sekabat mau ora luput. Apa ta perluné botjah-botjah paḍa disowanaké marang ngarsané Gusti Jésus, mangka ora lara ora barang? Sing pantes paḍa sowan iku rak wong tuwa utawa wong diwasa, sing paḍa arep njuwun wulangan utawa wong lara, supaja paḍa diwarasaké! Tindaké wong-wong wadon mau tetéla jèn tanpa duga-prajoga!