Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/99

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

100

NDEDONGA

***

ing kamuljan, mangka Lasarus ija ana ing kono .... Wong mau bandjar nguwuh-uwuh, aturé: „Ḍuh rama Abraham, kula mugi sampéjan welasi. Lasarus mugi sampéjan utus njelupaken ing toja putjuking dridjinipun, kadamel ngasrepaken ilat kula, awit kula nanḍang sangsara wonten ing latu punika.” Nanging Abraham ngandika: „Enggèr, élinga jèn kowé iku wus tampa panduman kabegdjanmu salawasé urip, mengkono uga Lasarus tampa panduman tjilaka. Ing samengko Lasarus kalipur, kowé nanḍang sangsara .... Lan apa sing kosuwun ora bakal bisa kaleksanan, djalaran ing antarané aku lan kowé dijasani lowahan djembar, supaja wong ing kéné kang arep mlangkah menjang enggonmu, iku adja kongsi bisa, lan ing kono ija adja ana kang mlangkah menjang enggonku.” Aturé wong mau: „Menawi mekaten, ḍuh rama, panjuwun kula, mugi Lasarus sampéjan utus ḍateng grijanipun bapa kula, awit kula gaḍah seḍèrèk gangsal, punika supados sami kaèngetna, sampun ngantos sami ḍawah ugi ing panggènan pamesijasat ngriki.” Pangandikané Abraham: „Sedulurmu wis paḍa ngerti, jèn wong sing uripé ana ing donja tanpa Allah, iku wekasané bakal nemahi sangsara. Sedulurmu wis nduwèni Kitab Musa lan para Nabi, ija iku kang dirungokna .... Menawa paḍa ora ngrungokaké ḍawuhé Musa lan para Nabi, ija mesṭi ora kena dipituturi, senadyan anaa wong kang tangi saka ing antarané wong mati.” Dadiné Lasarus tetep manggon ana ing papaning kamuljan kang langgeng, lan kosokbaliné wong sugih sing sadjatiné mlarat, tetep manggon ana ing panggonaning pamesijasat kang tanpa kenḍat.

TJARITA ing ḍuwur iki mung wudjud pasemon. Gusti Jésus mulangi wong golongan sarana pasemon mau, supaja paḍa ngertia, jèn wong urip iku paḍa kuwadjiban mikiraké lan ngupaja prakara kang ana ing ḍuwur, jaiku ing swarga, adja mung ketungkul ngudi kang ana ing djagad.

IBA begdjané wong sing sugih tur ginandjar waras awaké! Nanging iba tjilakané wong sing mlarat, mangka awaké nanḍang lelara!

Nanging ....

Kasugihan lan kawarasan ora langgeng. Kamlaratan lan lelara ija ana pungkasané. Kang mungkasi sakèhing urip iku pati! Sawisé mati, bandjur ....?

NDEDONGA

ANA manèh pangandikané Gusti Jésus marang para sekabaté, kaḍapur pasemon, wosé supaja tansah paḍa ndedongaa, adja kongsi semplah.

Katjarita ing sawidjining negara ana hakim kang ora wedi ing Allah. Hakim mau enggoné nindakaké kaadilan ora samestiné. Jèn sing teka njuwun pangadilan iku wong sugih lan nggawa reruba akèh, hakim mau bandjur énggal tumandang ngrampungi prakarané, ora ndadak dienḍé-enḍé. Nanging jèn sing teka mau wong mlarat, dadi mesṭiné ija ora nggawa reruba, prakarané mesṭi dienḍé-enḍé nganti suwé, ora tumuli dirampungi. Hakim mau dadiné kawentar dadi hakim sing ora djudjur.

Ing negara mau ija ana ranḍa mlarat duwé prakara. Ranḍa mau wis bola-bali séba marang hakim, sarta aturé adjeg mengkêné: „Kula mugi sampéjan angsalaken adil ḍateng lawanan kula paben.” Senadjan wis tjeṭa jèn ranḍa mau perlu banget dipitulungi, lan wong lawanané kudu dipatrapi paukuman, éwadéné hakim mau ora gelem nindakaké kuwadjibané awit kangèlané bakal ora ana pituwasé. Ing wiwitané aturé ora dirèwès, nanging wong wadon mau saben dina teka ngaḍep ing ngarsané hakim, ana ing geḍong pangadilan, ana ing omahé, malah jèn kepeṭuk ana ing dalan, ngambali panjuwunané kaja aturé sing ḍisik. Wusanané hakim mau bandjur duwé osik mengkéné: „Senadjan aku ora wedi ing Allah lan ora maèlu ing wong, éwadéné sarèhné ranḍa iki tansah ngrerubedi aku, betjik dakolèhné adil baé supaja adja pidjer teka baé lan ngrubedi aku.”

Ranḍa mau bandjur ditimbali bareng karo lawanané padu, lan prakarané diadili. Sarana pasemon mau Gusti Jésus maringi piwulang marang para sekabaté lan murid lija-lijané, supaja paḍa mbateka ing pandonga, adja nganti semplah .... Hakim mau kalebu wong sing ala wataké, éwadéné gelem minangkani panjuwuné ranḍa mlarat, luwih manèh Gusti Allah, Rama kaswargan, jèn oraa maringi adil marang para pepilihané, kang paḍa sesambat marang Pandjenengané!

Pandonga iku ora sanalika didjurungi! Ing semu Gusti Allah asring ora miḍangetaké pasambat lan pandonga. Kajadéné wong tuwa sok njabaraké pandjaluké anaké, awit diwawas luwih prajoga tinemuné tumraping anaké, mengkono uga Rama kaswargan ija asring njabaraké panjuwuné para kagungané. Nanging Allah mesṭi miḍanget apa sing diundjukaké ana ing pandonga, malah Pandjenengané ija wis mirsa sakèhing karépotané sadurungé disuwun .... Mulané wadjibé manusa iku njenjuwun lan ndedonga tanpa towong, ing wusanané panjuwuné mesṭi bakal kadjurungan, kajadéné ranḍa mau ija kadjurungan panjuwuné marga ora kendat-kendat enggoné ngrerubedi hakim sing sawenang-wenang iku.