Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/93

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa


Generasi enom akéh sing tresna budaya Jawa
Ora terpengaruh budaya njaba.


98. Panggurit: Tri Wahyuningsih 00000708

Jawa Tengah
Jawa Tengah.........
Ing salumahing bumi pertiwi Indonésia
Uga sakurebing langit biru
Tumepak ing laladan bantala Jawa
Jawa Tengah........
Kongas ngambar ragam budaya
Tindak tanduk andhap asor
Mukti wibawa panguripané
Jawa Tengah..........
Sayuk rukun, gemah ripah Ioh jinawi
Ungegul ing jalmané tandhang grayang bebrayan
Canthuk lawung gugur gunung
Candhikala ing madyaning lelabetan
Gawé bungah ing nala
Andarbéni marang sliramu
Ora kuciwa ... nalika ngudi kawruh
Ing laladan kaéndahan anugrahing Gusti
Lan tresna asihé
Jawa Tengahku....

71