Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


Swara manuk ing padha ngocéh
Nambahi éndahé swasana

Jawa Tengah akéh budaya kang bersejarah
Borobudur, keajaiban ing dunya
Lawang Séwu gedhung tuwa ing Semarang
Sedaya wau budaya wonten ing Jawa Tengah

Masyarakaté urip tentrem lan ayem
Rukun sesami kanca lan sesami hormat
Muga-muga dadi salawasé


97. Panggurit: Dewi Ratih Rusporini 00000707

Tresna Jawa Tengah

Wis suwé, aku manggon ning kéné .....
Wis suwé, aku seneng budaya ning Jawa
Apa waé sing mambu Jawa.....
Budayané, laguné, maemané .....

Tari gambyong, gambang suling....
Kuwi lagu, laguné wong Jawa
Gula jawa, pitik jawa ......
Kabéh mambu Jawa...

Budayané sing wis kesohor
Marakaké Jawa Tengah jenengé kesohor
Kesohor nganti tekan ngendi-ngendi
Aku seneng karo budaya Jawa

Aku nyenyuwun karo Gusti Sing Maha Kuwaos
Supaya budaya Jawa ora ilang

70