Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/87

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

Panjenengan mapan ing Jawi
Jawi Tengah

Sakniki kula ngertos..
Niki Jawi Tengah
Papanku berjuang
Papanku nyawang angen-angenku

Ing mriki jantung kula
Ing mriki urip kula
Lan ing mriki tresna kula
Ing mriki wonten Jawi Tengah


89. Panggurit: Ali Arifin 00000881

Ruhmu ning Langkahku

Soroting cahya marang awak iki
Tumuju ana ing kekuatan batin iki
Bocah-bocah padha isih nangis
Mloya-mlayu tanpa arah
Jalaran, bocah-bocah ora ngerti
Lan ora gelem nyemplung ana ing sliramu
Bingung ati iki

Aku sak cuwit nyawa
Lan aku nyemplung marang sliramu
Sapa sliramu?
Apa kesenenganmu?
Piyé kadadéanmu
Lan apa ruhmu kang bisa tak gawa?

Saiki aku ngerti sliramu

Lan .....

65