Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/86

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

Budaya kang mangerténi rakyat
Gambyong, lan kethoprak
Gawé tétés luh kang dhawa
Patandha bungahé ati

Duh...
Pancén gawé mikir ning ati
Jaga lan ngasta Jawa Tengah


88. Panggurit: Leta Muslichatun Nisa 00001140

Jawa Tengah

Rikala jaman semana
Kula déréng mudheng
Kula déréng ngertos
Ing ngendi kula saiki

Sakniki...
Angenku radi sumurup
Sawangku radi mirsani sedaya niki

Papan kang éndah
Gedhong-gedhong sami padha barés
Ratan katon kempling
Menika ingkang kula ngertosi

Budaya katon ngembang
Seni saya minggah
Keselarasan awujud angen-angen nyata
Tiyang-tiyang nginggil ingkang rekasa

Kula tanglet ing pundi kula sakniki
Tiyang-tiyang sami ngendika

64