Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

75. Panggurit: N. Lasminah 00000965

Aku Tresna Jawi Tengah

Ajining diri soko ing lathi
Ajining raga soke busana
Agunge bangsa ana asrining kutha
Endahe kutha ana karukunane warga

Jawi Tengah salah satunggaling provinsi ing tlatah Jawi
Maeko warna kabudayanipun
Maeko warna Kuthanipun
Maeko warna jajanipun
Ayo podo mbangun Jawa Tengah


76. Panggurit: Endang Sri Wahyuni 00000963

Tresnaku Kanggo Jawa Tengah

Jawa Tengah,
Surga donya kang bagus wonten provinsimu
Gebyar-gebyar kuthamu yen sampun dalu
Lawang Sewu kang dados saksi bisu
Perjuangan para pahlawan

Provinsimu katon endah
Wonten kalangan jati diri
Budayamu kang kathah
Tetep kajaga kalih warga-wargamu

Jawa Tengah,
Katon pantes yen sisawang
Tradisimu mboten kagerus jaman globalisasi
Karya ciptamu tetep kajaga

54