Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/75

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

Aku tansah nembang geguritan
"Layung Sore” ing Borobudung
Dikancani angin sumilir sepi
Dikancani reco-reco jejer-jejeg nadahi angin
Ora ana swara, kabeh sepi mbuntel sepi
Kabeh bali marang pusering bumi pertiwi

Aku tetep nang kene
Njaga panjenengan
Aku tresna panjenengan
Sajroning bates wektu sing jembar lan adoh


74. Panggurit: Voni Dwi Lestari 00001002

Jawi Tengah...
Papan panggonan ingkang agung
Papan panggenan ingkang asri
Sinten kemawon bakal rumaos remen
Wonten ing Jawi Tengah

Jawi Tengah...
Nggadahi tanah ingkang subur
Nggadahi kabudayan ingkang kathah
Pramila kula remen sanget kalian Jawi Tengah
Kula tresna kalian jawi Tengah

53