Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

51. Panggurit: Kristiana Ayu Saputri 00001044

Kutha Semarang

Ing lumahing bumi nuswantara
Ora bisa tak lalekake
Kuthaku kang endah lan edi peni
Jawa Tengah kang asri
Ing wayah sore...
Kato gamang-gamang kutha kang katata rapi

Aku lumaku ing arah Simpang Lima
Kang dadi janntunge Kota Semarang
Endah banget



52. Panggurit: Khafidatul Lu'mah 00001043

Budayaku Jati Diriku dan Jaga Budayamu

Elok katon katos tinotos
Ana ing sak jeroning atiku
Nabuh tinabuh ngrentek
Duh Gusti endi sing bener
Kabeh ngomong bener
Naning bener sing dibenerake
Wong cilik pancen
Ora payu omongane
Sanadyan bener tumindake
Aja wedi yen mbelani budaya
Sing wes kekikis peradaban
Ngomongo...
Aku iki wong Jawa
Tresnaku ya marang budayaku

40