Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/61

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Ndadekake ati iki bangga marang tanahku
Jawa Tengah...

Saiki kotane tansaya gedhé
Akeh gedung-gedung kang misuwur
Kesenian Jawa Tengah
Sansaya ngrembaka

Ayo para muda
Kita minangka warga Jawa Tengah
Kudu bisa njaga kelestarian Jawa Tengah
Supaya luwih rembaka
Bali ndeso mbangun ndeso



50. Panggurit: Nurul Ilma 00001051

Jawa Tengah

Endahe Jawa Tengah
Kagungane Gusti kang kuasa
Kang angel digambarake kangge ukoro
Papane sahaja marang manungsa

Angin kang sumilir
Surya jedul kang ing tengahe wukir
Angete cahya kang sumunar
Ngiringi puspita kang sami mekar

Peksi mabur ing padaning dirgantara
Beninge tirta ing dawane Bengawan
Sumebare wisma papane para nara
Punika basundara kang kathah kamimbaran

39