Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Rumangsa duweni
Budayaning Jawi
Budayaning sesami

Ayo para sesami
Padha angungkepi lan ngugemi
Budayaning Jawi

Supaya ora sirna, ora musna
Dening pangikising jaman
Supaya dadi budaya kang kineringan
Dening liyan
Mangkono tumindakku
Tumrap budayaning Jawa Tengahku



37. Panggurit: Yudi Sahrul S. 00001131

Jare...

Jare...
Jawa Tengahku provinsi cilik
Wonge sumeh-sumeh
Budayane akeh

Jare..
Wayang, batik, lan tari nggone uwong Jawa tengah
Jare..
Cilik ananging gedhé

Pancen bener, ugo ora salah
Jawa Tengah
Binayah saklanggenge bawana

31