Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH
35. Panggurit: Romdzotin 00001133
Jawa Ilang Jawane
Basa Jawa..
Basa kang becik
Basa kang alus
Basa Jawa..
Basa kang benten kaliyan basa-basa bentenipun
Basa Jawa..
Basa kang nggadahi unggah-ungguh
Nanging menapa??
Menapa..putra-putri generasi saiki
Kathah kang ora ngerti basa Jawa
Menapa..generasi kathah kapincut kaliyan
Budaya barat tinimbang budaya timur
Mliginipun budaya Jawa
Duh Gusti. kepiye??
Kepiye supaya putra-putri generasi bangga
Kaliyan budaya jawa, sara prigel ngginakake
Basane dhéwé
Mliginipun basa Jawa
36. Panggurit: Puji Dewi S. 00001132
Budaya Jawa Tengahku
Jawa Tengah..
Provinsi kang sugih budaya
Budaya kang maneka warna
Budaya kang nggambarake pribadining priyangga
Kabeh rumangsa andarbeni
30