Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/329

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

480. Penggurit: Adnanto 00000664

Endahing Ndeso Wayah Wengi

Wayah bengi lan sepi nyenyet...,
Akeh Kunang-kunang pating sliweran,
Suara jangkrik ora mandhek-mandhek
Godhong-godhong podho gogrok siji-siji
Aku ngadek jejer sak witoro
Ing wayah wengi
ing ndeso sing adoh
Saka ramene kutho
Ora bakal tak lalekake wayah wengi
Wektu kui
Ora bakal onc tiyane ing
Sakjrone jagad liyane
Wengi kui
Duh....Gusti kang moho kuoso
Ngunjukake syukur mung bise aku
Ucapno....


481. Penggurit: Sulistiyono 00000948

Manis.....
Nalika sepisan aku mandheng sliramu
Manis tenan......
Nalika kapindho
Sansaya manis....
Nalika sliramu nyapa “Mas” karo mesem
Kuwi sing angel dak lalikake
Semana uga ya mung rasa manis
Sing lumebet sajroning atiku
Nimas Ayuku

307