Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/328

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Laire Putri
Mecah swasana sunyi
Tangise wong tuwo
Nyambut senenge jiwo
Mripat ngamba
Basa Jawa Nyuwara
Budhaya kang adiluhung
Lan Bhumi kang mawarna
Aku Kinter
Ing panggon banjir ilmu
Ing Jawa Tengahku
Ing kene uripku


479. Penggurit: Siti Zumairoh 00000622

“Tresnaku”

Tresnaku marang sliramu
Kayata kuku tanganku
Kuku sing wis mesthi subur
Saben dina terus subur
Kaya ngono kuwi tresnaku marang sliramu
Jawa Tengah yoiku Provinsiku
Provinsi kang makmur rakyate
Jawa Tengah papan kelahiranku
Papan panggonanku, digedhekake, dididik lan dibimbing
Tresnaku marang sliramu
Tresnaku marang rakyatmu
Jawa Tengah Provinsiku
Jawa Tengah kebanggaanku

306